Mau ésuk angkané arep kloyong maring Ajibarang nggolét jajan nggo empan manuk jalak suren sing océhané gacor angger agi kencoten. Ya manuk jalak sing tek ingu neng njero weteng. Héhéhé..

Bareng wis arep mangkat kayong aras-arasen utawa awang-awangen, mergané awaké kawit andhingan wingi agi kayong ora batiran nemen, mbuh senengané koh mungsuhan. Akhiré ora sida lunga mung lagag-logog baé neng umah.

Ora kadimaha matané kayong mbok klérab weruh ana sing némplék neng pring cagak péméan wétan umah, bareng tek péreki jebulé jamur kuping utawa wong désa oléhé ngarani jamur lember. Nyatané angger dedeleng sekang bentuké mandan mémper kaya kuping, njepaplang.

Jamur kuping utawa basa ilmiahé Auricularia auricular-judae kiyé dadi salah sijiné kelompok jelly fungi mlebu neng kelas Basidiomycota sing pancén wujudé kenyel-kenyel kaya ager-ager.

Ningén orék-orékan kiyé arep ora mbahas babagan jamur kuping nganggo ilmu biologi. Inyong mung arep crita angger jamur kiyé biasane cokan demasak, degawé oséng apa dekripik kaya déné kripik jamur tiram utawa jamur merang.

Agi inyong égin cilik, cokan weruh neng tunggak kopi padha pating trémpél kaya bekicot. Aja jéré wujudé kayong ora méngini, ningén jamur lember kiyé nduwéni khasiat sing ora baén-baén. Ana thiamine (vitamin B-1), riboflavin (Vit. B 2, vitamin C, niasin, biotin, protein, mineral, serat, karbohidrat lan kandungan sing manpangat liyané.

Biyungé inyong wektu semana uga cokan nguja gawé jamur kuping nganggo cara alami, yakuwé nancepna pang kopi kaya wong gawé rajeg, jorna baé kon mandan suwé. Kepanasen, kudanen, mbuh pirang dina inyong ora ngétung. Mengko weruh-weruh pang kopiné padha metu jamuré.

Inyong seneng angger kon ngréwangi met jamuré, wis pokoké dikut banget kaya bocah jaman sekiyé angger wis nyekel hapé Android kaya ora kena kegoméng, depréntah masa gelema wong angger detakoni baé api-api ora krungu, ndéan kupinge anu jamuren, héhéhé…

Jamur lember sing tek pét wektu semana tek wadhahi pithi, lumangyanan olih setengah. Tek gawa mlebu ngumah, njuran tek kumbah bersih mbokan ana krumané apa cacing sing ngurek neng njeroné. 

Jaman semana si kayané durung ana wong gawé kripik jamur, paling banter ya mung degawé oséng jamur. Rasané hmmm… pokoké maknyussss (jéré Pak Bondan Winarno, sing neng tipi kaé).

Sekiyé, jamur kuping kayané wis debudhidaya kaya déné jamur tiram, jamur merang. Dadi hasilé bisa lewih akéh tinimbang nganggo cara sing alami kaya jaman semana. Ningén koh rasané kayong mandan séjén tur tékstur lan kandelé ora kaya sing nganggo cara kuna. Pancén bentuké bisa amba seépek-épék tangan, ningén kayong lewih tipis tur ora kanyel-kanyel, rasané uga neng ilat kayong séjén, ora seénak sing thukul neng kayu kopi.

Jané angger jamur sing neng pring cagak péméan mandan akéh baé, arep tek pét njuran tek gawé kripik, lumangyan kena nggo gurisan ngambi gawé tulisan angger pas dhong wengi durung arip.

Gusti Allah pancén nyiptakna dunya seisiné kiyé ora nana sing ora manpangati. Mung baé menungsané sing cokan padha ora éling. Mula, angger pancén awaké dhéwék ngaku dadi menungsa ya kudu ngrumangsani, inyong karo rika kuwé mung wayang sing kudu manut apa ngendikané Sang Maha Dhalang. Aja mbaléla, aja sekarepé wudhelé dhéwék.

Tumiyang, Pekuncén, 28 Désémber 2020

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Mayuh dikomentari luur..