Bocah jaman now wis ora weruh sumur sing bunderé 1,5 méter, jeroné 23 méter. Timbané nganggo karét bekas ban, cidhuké nganggo émbér. Esuk-ésuk arep adus brayohan dhisit, nimba ngebeki kolah utawa bak.

Sumur sing amba tur jero jebul ngemu piwulang sing apik, antara menungsa karo alamé. Angger unggal umah duwé sumur, menangi mangsan rendheng kaya siki, banyu udané ora mbladhas maring got, wangan, kalén, lan kali.

Umahé sengsaya akéh. Latar lan dalané disemén banyuné bingung ora keduman nggon. Kaliné mumpal-mumpal ora téyéng nampung banyu. Mlewed maring dalan lan maring umah.

Ketambahan maning, kaliné deciuti, dipandhasi nggo thingkrang gawé umah. Banjur rika padha sibuk nyalahna pemréntah karo pasrah kersané Gusti Allah.

Sumur téyéng ngelong bebané kali. Sumur uga téyéng nyimpen banyu sing bakal dienggo neng penguripan.

Ning jéré wis dudu jamané maning. Siki cukup jero-jeroan mantek lemah, sumuré cukup nganggo pralon 4 inc. Rika karep njiot banyuné, ning wegah mélu nyimpené.

Kapingarepé rika gari mélu sukur lan motrét banjiré baé. Merga sektiné pemréntah kayané ora jegos kon ngurusi banjir. Sing salah sapa? Langka. Wong rika wis padha pinter kabéh..

Inyong baé wis ora duwé sumur koh. Nganggo kran, puter, ngucur, byar-byur, adus ora prelu kringetan dhisit.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..