Ngomongna bab mBanyumas kuwé ya akéh pisan cara nggatéknané. Cara sing kepénak ya dideleng sekang ucapé. Nah babagan dialék utawa kosakatané baé jané madan bisa ditengeri sekang Banyumas gom-goman mendi.

Seliyané ucap, uga bisa sekang lakuné. Wong Banyumas kuwé uwis biasa nang babagan miwiti mung mbuh ora seneng ngeton apa sengaja ora dikenalna. Nék dideleng mandan mundur sing bisa nggo conto kuwé misalé Dokter Angka karo Dokter Gumbreg. Ana crita jéréné piyayi loro mau mélu miwiti lairé pergerakan Boedi Oetomo, mung sing lewih dikenal jeneng Tiga Serangkai. Akéh tokoh-tokoh nasional sing mbuh lairé, ciliké, gedéne, apa uripé nang tlatah Banyumas.

Nah perkara dialék jawa Banyumasan utawa Penginyongan tah kayané uwis mulai akéh sing padha nyengkuyung. Babagan laku, watek sing mBanyumas kuwé kayané hayuh bareng-bareng nyinaoni, seolihé, ora arep nggo ndegég, ora arep nggo ngrendahna liyané, mung nggo caos bekti maring sing sekirané dibekténi, semampuné.

Praketa, 111020

MFN

Wong Praketa sing seneng ngloyong nganah ngénéh

Komentaré wong-wong

  1. Nyong ngerti kiye bocah metal tapi deneng bisa nulis kya kuwe ya hhha.. Ana caose mbarang,, jaan inyong hora mudeng! Luar binasaa,,

    Reply

Mayuh dikomentari luur..