Énggané katresnan bisa kéli neng kaléning zaman
Ora nana sing kudu kemlabak ketilem santering kangen

Ana tugelan jati kéli kemangsang neng telenging puseran
Kumbul kemelem kenang milining banyu bengawan
Menggalih nyawang banyu kang kemerlip kayadéné urip

Apa kongang tugelan jati kang kepapral
Kembul karo papralan jati liyané ing mangsa mengkoné
Bisa mathuk depasang dadi dampar
Kanggo lenggahing pengantén anyar?

Énggané katresnan bisa kéli neng kaléning zaman
Ora nana sing kudu kemlabak ketilem santering kangen.

Purwokerto, 27 Agustus 2020

Dewandaru Ibrahim

Aktifis neng Sekolah Kepenulisan Sastra Peradaban IAIN Purwokerto. Manggon neng Pasir Lor Karanglewas.

Mayuh dikomentari luur..