Delengen kuwung sing mlengkung neng langit, pamér manéka werna. Werna kuwé mau sing banjur dadi éndahé. Ning éndahé sesawangané kuwung tetep ora téyéng dedeleng wong sing micek.

Akéh menungsa sing mung ngerti werna siji. Tur ndilalahé moh ndeleng werna liyané. Biasa nyawang samubarang sing sragam, marakna lamur sesawangan sing béda. Werna liyané ora apik. Sing béda deanggep dudu werna, sing béda ora prelu desawang, sing béda kuwé luput, sing béda malah dadi mala, lan sebanjuré.

Neng tamansari thikil manéka kembang sing wernané béda. Saben kembang duwé werna tur éndahé dhéwék.

Anggrék ora banjur lewih apik timbang mawar. Melati ora lewih ayu timbang kanthil. Kemitir ora lewih ala timbang kenanga. Kabéh apik, ayu, éndah, ning béda nuansané.

Kaya ngapa apiké unggal kembang, sempurna tur ayuné arep lewih apik nalika kumpul neng tamansari. Werna lan rupané béda, ning kabéh gawé éndah.

Mula, kenali bedané. Syukuri manékané. Seneng srawung urip bareng senajan béda werna, béda rupa, béda cungur, béda utek, béda klambi, lan béda cara. Merga béda mau sing gawé urip lewih éndah. Kaya kuwung sing neng langit.

Kuwung suwung, manekung, dunung, ngeneng, ngening, wening, bening. Suwung isi, isi suwung, siji nyawiji karo Gustiné.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..