Kaki-nini awéh wewaler, moniné “Drajat kebayan mlumpat palenggahan bupati. Gugup gebyah kahanané, mula nyawang tuma dearani kebo”.

Drajat kebayan mlumpat palenggahan bupati. Kebayan, pamong désa sing tugasé nothok kenthong, dundum uleman kumpulan, lan manéka informasi sekang désa. Basa sikiné ya dearani Humas Pemdés. Kudu dawa langkahé, merga ora nana inventaris motor apa maning Avansa. Mlaku muter désa turut lurung, anaha ya paling banter nyilih pité Kaki Lurah.

Mula nalika kebayan mlumpat palenggahan dadi bupati, bakal dadi masalah. Gugup gebyah kahanané. Setrés. Ora lali turu ora énak mangan. Sing banjur babagan pegawéan uga ora mrantasi. Ora duwé ngélmu babagan manajemén, ribawa, apa maning karisma. Celala-celili bingung arep ngapa.

Saking bingungé nglakoni apa sing dadi lakon. Nyawang tuma dearani kebo. Kuwé wis akéh contoné. Rika dadi pangreh praja, sapa sing préntah? Rahayat? Ora. Rika sing karep. Nalikané arep dadi pangreh praja rika wis ngerti bakal kaya ngapa, pegawéané tur pekolihé. Déné rejekiné mung semana, ya aja banjur ora urus karo asal. Bras-bres ora karuhan.

Rika debayar kon gawé préstasi lan inovasi. Nék mung sedermané ngayahi tah anu akéh sing bisa. Inyong ora gumun nalikané rika olih kanugrahan anu utawa piagam kaé. Kuwé wis dadi wajibé.

Nyawang tuma dearani kebo. Ujaré rika wis misuwur babagan préstasiné. Ning jebul préstasi kebayan. Dudu préstasi bupati. Éling.. Rika siki dadi bupati. Aja mung dadi kebayan. Ning kiyé mung sanépa, déné bupati kuwé lévelé pitung tingkat neng ndhuwur kebayan.

Kebayan lan bupati padha menungsané. Kuwé mung dunung utawa maqom neng dunya, kudu amanah supayané dadi ngibadah. Aja culika karo janji-prasetya sing wis kinucap nalikané delantik.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..