Gebyar pitulasan taun kiyé ilang, diganti mawa rasa wedi sekeliwat. Wedi karo ilmu pengetahuan lan téknologi sing ora nganggo rasa kamanungsan.

Ilmu pengetahuan bab rékayasa génétika virus, kawit SARS, sing banjur dadi Covid, pungkasané mecah, mutasi dadi varian anyar. Sing sengsaya angél ditlesih.

Mblenger, kesuh, kesel.

18 wulan dudu wektu sing sedhéla. Kabéh daya wis diupakara, mung kanggo téyéng urip, nyukupi butuh pokok sing kemudu-kudu. Produksi mandheg, transaksi ketundha, kredité macet. Kabéh diwatesi sing maraknya nambahi masalah ékonomi.

Kabéh ngrasakna. Bocah sekolah wis kelalén rasané njagong neng bangku, guris karo kancané, lan playon neng latar. Sekolah daring neng ngumah, ora ketemu karo guruné.

Sing sekolah ketemu gurune baé, piwulang Minggu wingi wis akéh sing kelalén, apa maning lewih.

Ning ora mung tekan semana, bayaran lan uba-rampe liyané tetep kudu dibayar. Ingmangka, wong tuané ambekané wis cengép-cengép mikir butuh.

Pariwisata lan sing njangkepi semana uga. Hotél, vila, réstoran, biro perjalanan, pemandu wisata, kesampluk ngasi njengkang.

Maning, bantuan sosial sing dadi program pemerintah, sing ora sepiraha, malah akéh sing dikutili.

Banyumas kélangan watek semedulur lan tepa-slirané. Banjur mung mikir wetengé dhéwék. Ora nylinguk kahanané wong liya sing agi pating jempalit, pating jlerit nahan sekabéhé. Bansos sembako ésih dimanfaatna nggo nggolét bathi.

Sing ésih anget, anggota déwan sing kuduné duwé papan mulia, ésih ana sing gelem nyaloni proyék. Kuwé sekongkol karo kontraktor lan PNS sing neng kabupatén. Kasusé wis ditangani pihak sing kawogan kewasa.

Sengsaya ngalari ati. Ingatasé gaji wis gedhé, tunjangan ora kurang, ésih ndremis golet tambahan, mawa cara sing ora genah.

Pitulasan taun kiyé, dhéwék ora teyeng nyewara “MERDEKA!!” mawa ati tatag. Malah wis ora téyéng ménék jambé pengarep-arep.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..