Kemureb, ngongkog, mbrangkang, rambatan, mlaku. Kuwé angléhé bayi sing nembé lair. Biasané setaun nembé téyéng dhing-dhekan sinau mlaku. Kerungkeb, ketungsem, keplarak, ngasi bathuké bungsut wis dadi lumrahé.

Sing liyané mung nonton, ngawat-awati, nuntun, nyuraki, karo ngguyu latahan. Sing nglakoni kayané rekasa pisan, ning kuwé kudu dilakoni, merga kudu téyéng mlaku, supaya ora dadi gawéné wong liya.

Ndleming.com wulan kiyé setaun genep. Kaya bayi sing ésih rambatan kepéngin téyéng mlaku. Bédané, ndleming.com kaya plencing. Lair, sebrét, karepé mlayu, madan nékad. Mulané kerungkeb ngasi benjut ya mung cengéngésan. Ora kapok, menyat maning, mlayu maning.

Sing ngrumat sapa? Ya inyong-rika kabéh sing rumasa wong Banyumas, lan ngrasa perlu basané biyung kiyé kudu ana. Ngrumaté kepriwé? Sering-sering ditiliki, sukur kasdu gawé tulisan, dikirim maring rédaksi.

“Nyong ora téyéng nulis sing apik, ndakik-ndakik,” arané mung ndleming. Ora ngerti kaidah jurnalistik, genah arané ndleming, ala ya pantes. Mbok salah, ya kuwé arané ndleming, ya gari njaluk pangapura.

Ganu pas lairan ana Rangga Sujali, ndilalahé siki boyong maring Bali. Arif, sing ngurusi pedangané agi kawogan akéh pegawéan. Ifa Em Faizal, anu répoté sekeliwat. Wasis, Agi ngurusi pegawéan utamané. Dhika, jéré arep mbojo dadi fokus ngrampungi tugas. Madan kelayu, ning ésih kerumat. Mulané butuh rika kabéh nyengkuyung, supaya ndleming.com tetep mlaku.

Ndleming.com mung wadah. Isiné rika kabéh. Mayuh..

Mlayu ngudag apa.
Njagong ngenténi sapa.
Mlaku alon-alon ning sing genah langkahé.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..