Lagi atis hawané, ngelinthung nggolét sing anget-anget. Jebulé ana ramé-ramé neng pertelon underpass. Ujarkuné tabrakan, éh, téngané wong Banyumas siki ana hiburan anyar. Tepaté neng pertelon utawané bunderan Underpass Jénderal Sudirman. Tugu kuwé jenengé Tugu Gada Rujak Polo.

Dadi siki wong Banyumas ora mung duwé Tugu Pancasila, Monumen Gatot Subroto, karo Tugu Estafét. Tugu kiyé digawé sekang kuningan. Duwure 13 méter, ambané 24 méter. Iringané ana lampu, air mancur, kolam, kembang. Endah pisan pokoké.

Filosofi tugu kiyé dijiot sekang lambang Banyumas. Polo kuwé artiné utek, rujak kuwé diuleg. Dadiné filosofiné uteké dienggo nggo nalar. Sing neng pewayangan dadi senjatané Werkudara, jéréné Bupati Banyumas Achmad Huséin kaya kuwé.

Neng média sosial karo neng lokasi ketoné warga Banyumas bungah, utawané ngerasa bangga duwé tugu anyar. Ngasi dina siki wis akéh warga sing foto utawané selfie. Wis pancén kaya hiburan rakyat.

Kiyé jané ujian nggo warga Banyumas tetep wicaksana bén tertib, utawané ora gawé macet jalaran pada ngantri arep selfie. Kuwé harapané inyong, sebabé tujuané digawé underpass kuwé nggo ngurai kemacetan. Uga saking bungahé pada selfie aja ngasi ngerusak tugu anyar kuwé.

Mayuh dijaga bareng-bareng. Diuri-uri fasilitas umumé, ora mung seni karo budayané tok.

Andika Satria

Tukang nulis. Siki fokus nggolét bojo lan ngurusi gerakan sosial

Mayuh dikomentari luur..