Aran asliné Agus Widodo, lair neng Binangun, Kecamatan Banyumas, Kabupatén Banyumas, taun 1987. Kawit cilik wong tuané wis nggatékna déné bocah kiyé duwe karep lan bakat maring babagan kesenian. Mulané banjur disekolahna neng SMKI Sendang Mas, Banyumas.

Merga senengé maring kesenian tradisional Banyumas, Dodo –celukan akrabé- serius goli sinau. Ora mung neng sekolahan, ning uga metu njaba ndeleng sugatan sing kaitané karo calung lan lénggér.

Kawit SMP, Dodo wis mélu lomba tari. Mula taun 2001 wis dadi juara lomba tari tingkat Kabupatén Banyumas.

Bareng mlebu maring SMKI, kesenengané imbang karo préstasiné. Mulai dadi juara neng festival, kaya déné Piala Gatra Budaya Banyumas kategori Lénggér Banyumas; Duta Seni Jawa Tengah, 2003; Duta Kemenpora neng Féstival Andong, neng Korea, lan liya-liyané.

Pawakan lanangé lemes angger njogéd bawa wadon. Mulané banjur Dodo dikenal dadi Lénggér Agnés. Sekléraban, angger ora nggatékna, diarani lénggér wadon, saking luwes lan kéwesé. Madan lénjéh ding pantes.

Ora mung neng festival thok. Lénggér Agnes uga sregep mangayubagya sugatan kesenian liyané.

Dhéwéké uga tau sepanggung karo Didik Nini Thowok. Neng Féstival Kendalisada telung taun kiyé mélu nyengkuyung terus.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Komentaré wong-wong

  1. Pancen Lengger Agnes luar biasa kemampuan njogedè, gandhes, luwes, kaya dènè wong wadon. Sip pokokè, mèlu bangga duwè generasi kreatif. Inyong wis tau ngundang kon lenggeran nang ISBI Bandung. Salam.

    Reply

Mayuh dikomentari luur..