Udan neng mangsan kiyé ésih gemrejeg. Kaya biasané, akhir Oktober sengsaya tambah kerep tur méh sedina-med. Kena nggo ngilangna kangen gendhingan banyu tumétés tiba maring godhong, lan gemricik gurih neng tritikan.

Pengrungon merdu sing madan suwé ora keprungu. Patang dina neng kotamu, kotaku ganu, adhem neng kulit, tur seger neng awak. Ning ana sumuk tur garing. Béda pisan. Mbuh apa sing ilang utawa kurang. Sing genah ana sing ampang. 982 kilométer tek lakoni mbuh arep ngapa. Adoh karep sekang pengarep.

Nang negeri para déwa lan Wangsa Arya manggon, sementara mbuh selawasé siki aku urip. Krasa budaya luhur Nusantara ésih ana. Tetanen, agamané, basané, dol-tinukuné, urip menungsa karo alamé, khas adat ketimuran sing senyatané.

Kecrita, gemiyén wangsa sing neng kéné ngugemi agama Tirta. Madan mémper Kapitayan sing siki gari sepethit neng Jawa.

Orde Baru ngilangaken agama asliné kaki-nini. Mung ana lima agama sing diakoni pemréntah, sing banjur kecathet neng KTP. Tirta lan Kapitayan madan mémper agama Hindu, muka banjur kecetha lan kecathet dadi agama Hindu.

Ora papa. Merga neng lampah-lakuné, ésih ngormati Tirta utawa banyu, lan ngrumat sumberé mawa apik. Ngormati wit, gunung, lan watu, merga kuwé sangkan paraning dumadi. Uga ana geni lan angkasa sing dadi penyeimbangé.

Solah-bawane apik mawa tepa-slira maring sepadha-padha. Ngugemi karma, aja gawé kapitunan maring wong liya, merga kuwé bakal dadi kapitunané dhéwék. Rila tetulung maring sepadha-padha.

Srawung karo menungsa ora tau gégoh, “Apa agamamu?” Apa maning ngasi rebut panggon neng suwerga utawa ngancam neraka. Ayem-jenjem. Nalika mati banjur kumecap, “Amor Ring Acintya”, utawa nyawiji karo “Sing maha suci sing maha tan kena kinaya ngapa”. Piyambaké sing maha agung sekeliwat kanggo penjalukan, ditembung, apa maning kon malesna lara-atiné menungsa.

Apa dhéwék uwis ngugemi agamané, utawa ésih nggolét paugeran sing pas babagan Gusti, Hyang Widhi, Tuhan, Yahwéh, lan sapanunggalané? Gusti sing téyéng digrudapeksa sekarepé dhéwék? Embuh.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..