Suket Teki

Ndableg ora ngerti isin, ora ngerti wirang diarani rai teki. Ilokén ana sih menungsa rainé kaya suket.

Jelas ora nana menungsa rainé kaya suket, kabéh digawé neng Pangéran sempurna pisan.

Melas temen enggané wonge gagah lan ayu diarani rai teki. Apa ora nlangsa sih rama lan biyungé.

Biyungé sing mbobot sejeroné sangang wulan bakal ora trima nduwé anak diarani rai teki.

Kepénak temen gari aran-aran, ujar ujaré ora rekasa mbobot yah. Rekasané toh urip toh pati ngandut jabang bayi koh nék anaké duwé laku sing ora apik, kuwé dadi nlangsa lan larané biyungé.

Suket teki pancén nyebeli pisan mungguhé petani. Wis dibedhul apa dipacul mrintis maning, Apamaning angger kecacag bolédé tambah mbabyah. Ngésuk dibedul apa depacul, ngembén tikil maning.

Kawit inyong émut, suket teki sing duwé jeneng basa ilmiah Cyperus Rotondus paling desengiti ning petani. Suket teki isiné mangan pangané tanduran, ngentong ngentongna unsur hara tanduran inyong rika padha. ning pekarangan apa neng kebon.

Rai Teki ora béda karo Rai Gedhég, Rai Dingklik lan rai trompah.

Rai Gedhég, uga ana sing ngarani Rai Gedhek, gedhég kuwé pager umah sing degawé mawi pring sing dianyam. Biasané ora rata pathing penjoto lan ana bolongané tur ora rapet.

Rai Dingklik ora béda karo Rai Gedheg. Dingklik kuwé korsi cilik sing degawé karo kayu kanggoné nggo njagong ning akéhé nggo bancikan. Jaman ayawéné akéh sing ora paham jenengé dingklik.

Enggané ana paling paling ning umaéh wong désa. Saiki wis jarang padha nganggo dingklik merga saiki akéh korsi plastik

Rai Trompah nggo sebutan menungsa sing lakuné kaya sendal sing digawé karo kayu. Ana sing ngarani Trompah, terompah, uga ana sing ngarani Bakiak.

Saurungé ana sandal jepit gemiyén padha nganggo trompah lan bakiak. Padha baén bahan asalé sekang kayu, utamané kayu besiar (albasia). Trompah tengaéh ana cantholané, ananging Bakiak nganggo slémpang.

Lha wong trompah deedek-edek saben dina, digawa maring endi baén. Ora mangsan udan lan terang .

Saiki koh nésih ana menungsa gelem dearani Rai Teki koh seneng banget, apa merga keyungyun lagu dangdut “Suket Teki” sing nyanyi biduané Nella Kharisma (Sera).

Najajal sih diwang wang syaire lagu Suket Teki :

Wong salah ora gelem ngaku salah
Suwé-suwée sopo wongé sek betah
Mripatku wis ngerti sak nyatané
Kowé selak golek menangmu déwék
Tan tandur pari jebulé tukulé suket teki


Wis..wis.. menungsa koh karepé menangé dhéwék, ora gelem ngakoni salaéh, Debanjur banjurna batir lan tangga teparoné padha bebeh kon dadi kanca pa batiré.

Digawé apik malah mbalesé gawé gela, ora gawé bungah mung gawé mrengkel. Ilokén inyong rika padha arep gelem duwé kanca utawané batir modélé kaya Suket Teki.

Rai teki apa suket teki ora nana bedané isine mung gawé kesuh, mirang mirangna. Gawé isin keluwarga, sedulur, kanca lan batir.

Poma de poma aja ngasih ketularan apa ngasih nduwé watek kaya rai teki apa suket teki. Njeléih pisan.

Amit-amit jabang bayi.

Karangnangka, 18 Séptémber 2017

Kang Mul

Penulis sing aktif pisan neng media sosial. Ketua neng Institut Studi Pedesaan dan Kawasan.

Mayuh dikomentari luur..