Banyumas sebeneré nduwéni akéh tradisi lan budaya. Ora mung kuwé thok, Banyumas uga nduwéni panganan utawa kulinér khas. Dadi olih deomong angger Banyumas kuwé sugih budaya lan tradisi, lan akéh panganan khasé mbarang.

Neng Banyumas ana kongsép sing dadi ciri wanci utawa jati diri wong Banyumas, kayadéné Blakasuta, Cablaka, lan Egalitér.

Neng kéné nyong arep ngenalna babagan kuwé mau, merga ana masrakat neng njaba Banyumas lan wong Banyumas dhéwék sing nganggep angger wong Banyumas kuwé ora nduwéni adat sopan santun lan tatakrama, kaya umumé wong Jawa.

Merga biasané wong Banyumas kuwé nduwéni watak sing senengé blak-blakan, blakasuta, cablaka, menjorang, semblothongan, lan angger ngomong ora duwé unggah-ungguh basa.

Omongané uga cokan nyelekit maring sepadha-padha. Nah sebabdéné kuwé njur deanggep kurang sopan, lah njuran dearani ora nduwé sopan santun.

Sebeneré masalah kuwé merga wong njaba utawa malahan wong Banyumas dhéwék ora nduweni pemahaman babagan karakter lan budaya Banyumas. Padahal karakter Blakasuta kuwé karakter aseliné menungsa Banyumas.

Blakasuta kuwé artiné ya apa anané, langka sing detutup-tutupi. Ngomong sega ya sega, ora njur ngomong sega dadi budin misalé. Kawit jaman kuna sing jenengé basa dhéwék ya kayakuwé.

Kuna kuwé tegesé aku urung ana, dadi dhéwék urung ana, basa biyung wis ana.

Njur angger ngomongna basa, basa biyung neng Banyumas kuwé sejatiné langka unggah-ungguh utawa tingkatan basa, maring sapa baé nganggoné ya basa inyong rika. Egalitér.

Angger ana wong tua, wong Banyumas, njuran kesuh angger dejek omong-omongan karo basa biyunge dhéwék, kuwé sing dadi masalah. “Owalah ngomong karo wong tua koh ora ngganggo basa!!!” Misal ana wong tua sing ngomong kekuwe. Jawabi. “Nyong wis basa koh, basa biyungé dhéwék” kekuwé.

Wong neng njaba Banyumas, biasané ngécé basa Banyumasan utawa basa penginyongan karo istilah ngapak-ngapak. Njur masarakat Banyumas aseli akhiré kebanjur mélu-mélu nganggo istilah ngapak, ndéané malah bangga ora ngapak ora kepénak jéré.

Nyong si sebeneré arep ora ngurusi babagan istilah kekuwé.

Arep nganggo ngapak ya ngonoh, arep nganggo istilah apa-apaha ngonoh. Ning ya kudu ngerti, istilah kuwé gemiyén priwé asal-usulé?

Seorané ngerti sejarahé thukulé istilah kuwé. Dadi ora asal comot, lan malah kebanjur salah kaprah, malah dadi bangga lan nganggoni istilah sing sebeneré gemiyéné nggo ngécé.

Sebeneré neng kongrés basa penginyongan para ahli, budayawan, lan sastrawan uwis nggawé istilah sing téyéng ngrangkul kabéh basa lan dialék se-éks Karésidénan Banyumas. Mén dadi basa persatuan, basa penginyongan.

Neng jero Kongrés Basa Penginyongan Pertama sing deusulna neng Ahmad Tohari (Sastrawan dan Budayawan Banyumas) dkk, angger istilah penginyongan kuwé tegesé ya basa biyung, basa persatuan neng éks Karésidénan Banyumas.

Kiyé ngewéhi pengertian maring wong njaba utawa wong Banyumas dhéwék, angger idéntitas basa sing kuduné dienggo yakuwé penginyongan, dudu ngapak-ngapak.

Njur bali maning maring konsép égalitarian…

Egalitér kuwé gampangé ya setara. Neng njero masrakat Banyumas, sebeneré basa banyumas utawa penginyongan kuwé ora duwé unggah-ungguh utawa tingkatan basa. Merga basa penginyongan ya kaya kuwé. Arep ngomong karo sapa baé mbuh tua mbuh enom, ya nganggoné basa inyong rika.

Ning masalah neng lapangan yakuwé wong tua neng Banyumas dhéwék mesti ngarep-ngarep anaké téyéng basa krama alus lan krama inggil. Dhéwéké ora nyaman angger ana wong enom ngomong maring dhéwéké tapi nganggo basa penginyongan sing égalitér, basa sing nyong rikaan mau.

Njur sing enom ya padha baé rikuhan angger ngomong maring wong tua nganggo nyong rikaan. Serasa berdosa banget gitu.

Peraturan Bupati sing aben Kemis kudu nganggo basa biyung ya kayané kur nggo genep-genep thok. Apa iya pejabat rendah ngomong maring atasan karo omongan “Rika si arep maring ngendi, kang?”

Padahal misalé téyéng ngasi kayakuwé pejabat kuwé dadi keton akrab. Duwé jabatan dadi ora klalén, merga nyong rika ya anu padha-padha menungsa sing setara, dadi ora sombong. Dadi langka omongan “Masa ngomong maring atasan nganggo nyong-rikaan, huffft”

Kiyé sing sebeneré prelu deteliti maning, mbongkar konsép féodalisme basa mén dadi maring égalitarian basa. Njur dadi paham lan ngurmati budaya lan ciri khas neng ngendi papan. Dadi paham lan mengkoné téyéng nampa perbédaan-perbédaan sing ana neng tiap daérah, neng kontéks kiyé ya Banyumas.

Merga perbédaan kuwé neng titik tertentu téyéng dadi rahmat. Mangsudé perbédaan sejatiné ya anu mesti ana, tapi perbédaan aja dadi alasan nggo dhéwék padha-padha kesuhan, utawa dadi benci maring sepadha-padha, utawa maksa nganggo carané dhéwék, tapi dadi ngregani maring wong liya, ngregani maring budaya liya, lan dadi ngregani maring sepadha-padha menungsa. Dadi akhiré mau kuwé intiné mayuh padha-padha sinau apa baé.

“Apa iya angger neng Banyumas langka unggah-ungguh basa. Lah ana nyong-aku-kula, kuwé anu apa?” Nahlo, nggo PR.

Kepénak pisan ya nyong nggole nyangkem 😀

Juli Prasetya

Penulis enom sing esih anu enom. Siki manggon lan lagi proses neng Bengkel Idiotlogis.

Mayuh dikomentari luur..