Dlepusané inyong karo Wa Minggu, bos ébég Karangrau. Madan abot tur angél ditulis. Ning merga madan wigati dadi njajal tek tulis. Angger kira-kira ora téyéng dingerteni ya mangga rika takon ya..

Delengen sing padha kawogan kewasa, pangreh prajane dhéwék. Katon pisan ora ngerti babagan Pancasila. Apa maning paham, ngugemi, banjur nglakoni neng pranataning urip saben dinané. Nalikané dadi rakyat uga nalika dadi pemimpin bangsa. Kaé wong padha gampang banget rebut balung sing banjur dodolan rakyat. Nyilih kedaulatané rakyat kanggo rebut palenggahan.

Sila-sila neng Pancasila wis ditulis pas karo mpan-papané. Gandhéng-ceneng siji karo liyané. Kudu ngerti, paham, banjur delakoni dhisit sila kaping pisan mawa bener. Nembé sinau sila kaping pindho lan sapituruté.

Ora gadhang téyéng mujudaken sila kelima angger inyong-rika ora nglakoni sila kaping pisan tekan kaping papat. Mula banjur angger ana bendu nalika mujudaken sila kaping papat, jajal ditiliki sila kaping pisan, kaping pindho, kaping teluné. Nalika ana masalah neng babagan persatuan, ya dideleng babagan ketuhanan karo kemanusiaané. Lan sebanjuré.

Pangreh prajané padha congkrah baé, wis gampang dewaca. Mesti ana masalah neng sila kaping pisan tekan kaping teluné.

Aja ngarep-arep Indonesia tekan kahanan keadilan sosial bagi seluruh rakyat Indonésia, angger kabéh sila sing neng ndhuwuré bae ora tau diamalaken mawa apik.

Indonésia siki kepriwé? Bung Karno wis gawé, Pak Harto wis njajal ngéjawantahna. Bareng réformasi, kabéh udhar. Ucul sekang wewaler sing wis degawé dadi dhasar nagari.

Ora usah kadohan. Angger sila siji lan loroné Pancasila diamalna mawa apik lan bener, Indonésia temata. Kabéh wong duwé pranata urip sing apik karo Gusti Allah lan sepadha-padha menungsa. Langka sing gawé cidra, ora nana sing temindak culika.

Mangga lah, njajal dhéwék ngening-ngeneng. Siki Pancasilané nggo ngapa?

Rahayu sagung dumadi.. Indonésia gemah ripah loh jinawi..

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..