Ndandéng maring Sumpiuh nang Banjarpanepén hawané adem merga ésih akéh wit-witan. Hawané iyub semilir anginé.

Dalané ya wis apik, arep nganggo montor apa mobil ya téyéng, apa maning alonan bén téyéng ndeleng tengen kiwéné nikmati alamé.

Jan dadi kémutan mbahé ngendika ngger wong urip kuwé diakéh ndandéng bén ora spaneng hahaha..

Banjarpanepén nduwé arti, Banjar kuwé panggonan utawa tempat, angger Panepén artiné nyepi. Dadi kabéh angger desambung duwé arti sing apik, ya panggonan sing nggo nyepi.

Nyepi kuwé téyéng nenangna ati karo pikiran, dadi téyéng nggo nyelarasna ati pikiran bén padhang sekabéhané. Marakna énténg awaké gawé bombong.

Neng kono ya ana panggonan sing ora baén-baén, jenenge Saté Bébék Sentana. Yakuwé sate sing dawané setengah méter. Pas decicipi jan kemlecer rasané tur ana seniné golé mangan saténé.

Wadahé sekang pring desigar dawa, bumbuné ana kécap pedes karo kacang. Gari-gari ilaté senengé sepira.

Sate Bebek Sentana Sumpiuh, Sate sing Dawane Setengah Meter 2

Segané ya pulen marakna pingin nambah, ora klalén ombéane jeruk, téh, seliyané nganggo és ya seger. Hayuh gwéhhh uénaké pol mangga…

Nang Saté Bébék Sentana ora mung isiné sate thok, nggoné cocog pisan. Sandingé ana kali.

Dadi pas mangan saténé krungu swara banyu marakna tambah semangat golé mangan saténé.

Kali kuwé arané Kali Cawang, sing pas wulan tertentu ana acara ritualan sekang masyarakat kono, sing desané duwé prédikat désa kerukunan adat budaya karo agama.

Saté Bébék Sentana nggoné amba tur ana kolam renangé. Area ndhuwur nggo sing madan kaplak, sing nang ngisor nggo renangé bocah-bocah. Banyuné ya seger pisan, marakna betah nggo gebyar-gebyur.

Lewih gayeng maning bareng rombongan keluarga, sedulur pokoké ramé-ramé.

Ana apa maning? Ya ana terapi iwak. Pokoke téyéng marakna cengar-cengir dhéwék mergané kaya deklitiki keri banget pas sikilé decemplungna.

Bayar ora angger mlebu nang Saté Bébék Sentana? Lah ya murah nganggo banget, mung selawé éwu rupiah.

Mlebu ngonoh wis olih apa baé ? Ya saténé sing setengah méter, ya renang, ya terapi iwak. Pokoké ana apa maning seliyané, péngin ngerti ya teka langsung baé nganah dadi ora penasaran.

Seliyané kuwé rencanané maning ana wisata susur kali, 2 – 3 jam téyéng nikmati alam teyeng nyelarasna ati pikiran maring curug arané Curug Klapa.

Sing lagi dewiwiti maning kuwé arep ana wisata réliji spiritual maring watu jonggol, téyéng nganggo pit utawa mlaku.

Mangga sedulur sedaya desengkuyung bén tambah semangat tur bombong ndandéng maring daérah Banjarpanepén. Aja klalén saté sing setengah méter dejajal, pokoké kemlecer.

Klilan,
Rahayu mulyaning jagat

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..