Uput-uput kurang lewiéh jam 3 ésuk ucek-ucek mripat sing akéh kétépé, jenggirat maring sumur ngangsu banyu nggo raup karo kemu bén padhang rainé.

Kakiné karo nininé wis glothakan nang pedangan, kakiné njioti suluh nang mburi sing wis desigari dadi tek réwangi njiot sing nang padha wis ditumpuk kawit wingi nang mburi gubugé. Nininé njagong nang dingklik madhep pawon, nyekelé tugelan pring sing desebul bén geniné murub merga lagi adhang sega karo nggodog banyu.

Kukusé kemebul maring nduwur, mambuné sangit-sangit kemlecer, ora let suwe kakiné njaluk maring nininé degawékna wédhang kopi sing nganggo gula jawa, jégang nang lincak kakiné ngetokna mbako nggo deudud.

Pokoké golé nglinthing anu mat pisan, papiré detumpuk dadi loro terusané mbakoné dewuwurna nang papir bar kuwé pethilan menyan karo cengkéh tembé deplintir, nembé dadi ngudud… Buelll.

Kakiné ndopok karo nininé…

“Siki dina senén ya ni, aja klalén mengko slametan wiwiti sawah..Oh ya wis desiapna kabéh mbok saraté?”

“Iya wis ki…” nininé semaur sembari ngesogna wédhang kopi gula jawané karo nyuguhna boléd sing bar degoréng,

“Lumangyan kena nggo ganjel weteng desukuri denikmati baé pokoké lah ya ni…”

Sedurungé maring sawah nininé karo kakiné gole nyiapna saraté ya kuwé sing lawas pisan nyong hora weruh nang sedina-dinané. Ya kuwé ana sega tumpeng, bubur abang bubur putih, kupat, lepet, ndog, ingkung, degan, gedhang raja, ana uga janur. Pokoké ora kéri téh, kopi nang gelas.

“Sedurungé degawa nang sawah inyong takon ki… ni kuwé mangsudé apa baé ya? Wong siki jaman modérn akéh wis padha klalén, tur maning ya padha dedol garapan uga nganggo mesin..”

Kakiné semaur.. “Mengko ko ngerti, siki madan deréwangi ngko karo tek tidokna sing ko takon?”

“Njih ki..”

“Gyéh kabéh kuwé nduwé arti kiyé ana sega ‘tumpeng’ sing artiné tumindaké sing lempeng. Urip kuwé nganggo lakuné sing lempeng.”

Lah sambelé apa ki?

“Angger sambelé ya pedes hahaha… Mangsudé duwé cangkem kuwé deatur ngomongé aja pedes-pedes aja kaya nininé..”

“Héh rika cokan kaya kuwé koh ya nyong degawa-gawa… tutuk centhong sisan..”

“Wis wis anu glewéan aja delebokna ati ni, kakiné kadhang cokan penjorangan ngglewéh, lah kiyé tah ana bumbuné urip…”

Ki jajal madan deceritakna babagan pari anu kepriwé lah, wong ben dina tek badog masa ora ngerti asal usulé utawa artiné…

“Kaya kiyé… Pari kuwé kaya menungsa merga wujudé sekang Déwi Sri, sing uga ngomong bubur abang karo bubur putih kuwé getihé inyong, kupaté kuwé susune inyong. Angger lepet pangan tradisional kuwé kupingé, trus ndog é kaya dengen jakuné inyong.”

“Ana maning degan kuwé sing dadi ndas, gedhang rajané kuwé drijiné dadi para petani sing dadi raja sekang Pertanian, angger wujud buah-buahan kuwé ototé, januré téyéng dadi usus karo kulité.”

“Pokoké wong mbiyén kuwé wis luhur banget apik lah, ora nduwéni sipat kemaruk mbrangas, karo jagat raya kiyé ngormati pisan, jagat raya kiyé ora mung isiné dekuasai denikmati thok ningén ya deangkat temenan sing paling terhormat.”

“Nini sembari nginang… mayuh mangkat maring sawah mbokan kawanen gagian arep ana kendurénan..”

Napa nika njih ki… ni…? Kuwé kakiné baé sing mbabarna, nyong arep nyirepna geni nang suluh.

“Oh ya ni mangga…”

“Dadi kaya kiyé… Kendurénan kuwé mangsudé kersané dumateng tresna Pangéran, utawa ya kepungan kuwé ngundang nggo rasa syukuran. Wong – wong padha ngumpul bareng – bareng nyuwun berkahé karo keslametan sekang kasil panén sekang sawah.”

“”Kesuwun Ki mangga karo mlaku dadi kaya ngapa nang kana carane

“Mangga…ningen kaé clebeké degawakna karo jiotna tekené ya”

Untak untuk sembari ngobrol ngalor ngidul ngétan ngulon ora krasa anjog nggoné, terus sarat umbo rampé sing pepeg kuwé detata nang nini tur ya ana wong sing padha réwang.

Wong-wong nang mburi kakiné, rata-rata pada sila. Ora kéri nganggo iket nék sing lanang, nék sing wadon nganggo jarit klambiné kebaya njagongé kaya dengen dodolan nang pasar… Pokoké kaya kaé …

Semribit angin ndilalah ora panas kakiné molai maca mantra, angger ora salah krungu kaya kiyé …

Kula nuwun masang umbo rampé,
Ila-Ila dina linepatna saking siku Gusti kang hakarya bhawana,
Danyang Sri Semara Bumi kang mbaureksa sabin… (nyebut jeneng sawah utawa desané, grumbulé, dusuné)

Mbok Déwi Sri pepitu, Kang lumpuh géndongen, sing wuta tuntuna. Kula aturi nglémpak saklebeting sabin, ingak sampun kula ancer-anceri se pucuking blarak. Sesampunipun nglémpak, kula caosi daharan ngabekti.

Sekul petak gandha arum, lan se panunggalanipun. Gandéng anggén kula titip wiji pari séwu, wonten kabenteran sampun wancinipun sepuh, badhé kula boyong wonten saka domas balé kencana.

Kaki Nini markukuhan, kukuhana kang dadi rejekiku, akéhna sing dadi rejekiku, nék ana kekurangané, tuku nang pasar, lan seksénana nang dina… (nyebut jeneng dina) menika.

Sowan bekti ganda arum para leluhur ingkang sampun sumaré menawi kirang panyekap nyuwun pangapunten.

Klilan

Rahayu sagung dumadi

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..