Jonggring saloka
Nagari gemah gemahing nagari
Ning rahayaté ting jempalit
Prajané ting pedhigas
Tata tentremé mung pranatan
Asu mangan kirik
Gogor mangan macan

Jonggring saloka
Nagari loh jinawi
Ana tunggaké jarak sing mrajak
Ana tunggaké jati sing mati
Mrajak tanpa lajer wewaler
Mati merga kélangan sektiné

Pating jempalit pating pedhigas
Kabéh nggolét pengalemé sepadha
Sing ngugemi dunya brana
Jonggring saloka sengsaya nistha
Kecu, kutil, garong, rampok dadi raja

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..