Mbangun désa padha karo mbangun kota. Padha-padha butuh serius lan selaras, ati lan uteké. Désa Dermaji, Kecamatan Lumbir, salah sijiné désa neng Banyumas sing duwé konsep madan maén.

Ngrembakané Désa Dermaji merga peran Kepala Desané, Bayu Setyo Nugroho, utawa akrab diceluk Kang Bayu. Sepet taun 2005 utawa wis telung periode Kang Bayu dadi Kepala Désa. Umuré pas tulisan kiyé ditulis 45 taun. Ésih nom ning solah-bawané temua.

“Jané inyong ya wis njajal merantau maring Surabaya lan Semarang. Ning jebul lewih betah neng désa,” Ujaré Kang Bayu.

Senajan sekolahé rampung S2 Jurusan Administrasi Publik, Universitas Jénderal Soedirman (Unsoed), taun 2013. Ning tetep ora gawé obah karepé ngabdi mbangun désa.

Ora mikir lan wangkot cekelan waton bab gelar akademik. Kang Bayu duwé kekarepan gedhé nggo désané. Kepéngin supaya masyarakat Dermaji ngugemi cirri-wanci Jawané.

Sregep lan jujur ngabdi neng désané marakna masyarakat Dermaji tau préntah supaya Kang Bayu dadi Anggota Déwan. Tapi tetep lewih betah ngurusi désa. “Inyong ora tau duwé targét. Mung ngéli banyu mili.”

15 taun ngabdi wis akéh hasilé. Gawé lan dandan infrastruktur désa sing lewih temata. Kelebu ana wébsite désa, museum désa, lan anéka kegiatan produktif masyarakat désa sing mulai ngrembaka.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..