Jaman siki, wong kepéngin dadi pewarta gampang nemen. Ora kudu sinau utawa kuliah jurnalistik. Uga ora répot kepriwé carané motrét, téknik grafis, montase, tekan nyétaké.

Unggal wong téyéng dadi wartawan. Ana kedadian, ana gadget, gari direkam, banjur dibagikna neng média sosial. Ora butuh keahlian cara ngrekam, merga gadget é lewih pinter timbang sing duwé.

Gari nutul tombol, wis téyéng olih gambar sing apik. Dirasa gambaré ora apik, gari dibusek, dibiléni. Ora usah kudu mikir téori 5-w lan 1-h kaya sing diwulangna neng kaidah jurnalistik.

Wis kerekam, gari diunggah neng wall FB utawa grup WhatsApp. Angger apik tur katon sensasional, mesti cepet nyebar kesampak. Ora urus karo babagan psikologis pembaca. Nggilani.

Akéh kedadian grudapeksa, kacilakan, sing diunggah lan dadi viral. Ora duwé tepa-slira lan tepak-ngawak.

Ora nganggo rasa, kepriwé rasané angger kedadian kuwé ndilalahé tiba maring awaké utawa keluargané dhéwék.

Manggua, sedurungé mbagikna warta, aja mung ngetut karep sewektu kuwé. Tetep ngormati jizim korban kacilakan utawané kejahatan. Merga neng kana ana rasa kélangan lan sedihé keluarga korban.

Uga urung kinaruhan, wong sing ndeleng gambaré mau, duwé psikologi sing stabil. Ana trauma sing gedhé lan angél diobatiné.

Banjur olih apa seuwisé ngunggah gambar mau? Dadi kawetar? Ora. Merga kabéh wong duwé dalan sing pada maring berita mau. Senajan ndilalahé dhéwék menangi senalika kuwé. Acungan jempol ora cukup nggo mbayar utang rasa maring korban lan keluargané.

Akéh babagan sing téyéng diunggah lan disebarna, ning duwé kawigunan kanggo sepadha-padha. Gawé adhem lan gawé pinter kanggo masyarakat sing agi sinau nyekel hasil sekang téknologi, sing kaya déné péso. Angger ora bener nyekelé ya téyéng ngiris awaké dhéwék.

Mayuh sinau ngimbangi kemajuan teknologi mawa arif é rasa.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..