Ngéndhong maring Kalisubé, nggone Lik Sirin, utawané Nasirin Lebda Sukarta. Lewih seneng nemoni seduluré neng pedangan sing wis ora dienggoni. Neng kono ana risban karo méja dawa. Gaman pating crantél werna-werna jenisé. Adem merga pérek sumur karo kebon.

Lik Sirin, lulusan SMA N I Purwokerto, banjur nerusna neng FISIP Unsoed. Ning jiwa merdékane moh diréh. Mula lewih seneng neng ngumah, nulis. 2014 mulai nulis trilogy Novél Guris Wangsa Nangga, mung urung kober diterbitna.

Sing unik, Lik Sirin ora kaya penulis liyané, sing seneng nulis nganggo mesin tik utawa laptop. Nalika semana, Lik Sirin nulis nganggo handphone Nokia 8110, ucak-ucek tut siji.

Ora nana targét waktu. Sebombongé, sekoberé. Rampung diupload neng halaman FB né. Méh unggal dina, ning mbosa diwaca nyambung terus. Mung nganggo hp model keypad lawas, téyéng gawé novel mbuh pirang judul baé.

Novel liyané sing wis terbit judulé Perkutut Tembagan, Jalitheng, Kumandang Tembang Mrapat, wis terbit. Kabéh ditulis nganggo hp keypad lawas, senajan wis ana laptop lan gadget. Lik Sirin awéh kahanan anyar neng basa Banyumasan.

Lapat-luput katuranggané, srunthul, ngecébrés, geyanggaman, ubluk, lan latah, conto basa sing anané neng pinggiran. Lan kuwé mulai langka.

Ndopok karo Lik Sirin ora cukup sejam-rong jam. Sangu udud sepes ora cukup, merga akéh ngélmu sing téyéng diangsu sekang wong lanang umuran 58 kiyé.

“Inyong mung mélu ngecébrés bab kahanan wong Banyumas siki, bab cultural éducative. Kultur utawa budaya sing siki mulai kesingkir, kesingkur. Buku-bukuné Lik Sirin crita babagan kultur sing ana neng désa.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..