Akéh pisan pitakonan sing mlebu maring meja lincak rédaksi Ndleming. Mbuh kuwé sing dekirim liwat form kontak, émail, utawa inbox neng média sosial.

Kayan-kayané angger dikumpulna kabéh pitakonan mau, banjur dikelompokna, akhiré bisa keton déné pitakonan paling ngetrend utawané paling sering detakokna pembaca yakuwé: “Ndleming.com jané duwéké sapa?”

Hora prelu mikir suwé nggo njawab pitakonan kuwé, merga jawabané gampang pisan. Ndleming.com duwéké kabéh wong sing nduwéni kepedulian nggo nguri-uri Basa Penginyongan.

Ndleming.com dudu duwéké wong siji utawa kelompok tertentu thok. Merga kawit awal pancen diniati kiye nggo dadi panggung utawa ruang bersama. Nék rika hora ngandel, mangga degoléti baé neng wébsite é. Apa rika nemoni susunan déwan rédaksiné?

Apa rika weruh jeneng-jeneng menungsa sing kerja neng dapuré? Tek jamin ora bakal ana.

Ndleming.com isiné mung karya wujud tulisan, sing neng ngisoré dijangkepi karo profil singkaté wong sing nulis. Lhaa, angger rika takon Ndleming.com duwéké sapa, ya duwéké wong wong-wong hebat sing pada tulus ikhlas nulis mau.

Ndleming.com kayadéné “ruang bersama” sing sapa baé wongé bisa urun karya. Neng ndleming.com oranana istilah one man show, merga kabéh nduweni hak sing padha nggo awéh tulisan.

Sementara kiyé konténé pancén nembé tulisan disit. Ngésuk ngembén moga bisa detambaih kontén liyané, vidio misalé.

Dadi sapa baé sing nduwéni kepedulian nggo nguri-uri basa biyung, nguri-uri warisan leluhur, mayuh Ndleming.com dimanfaatna. Termasuk rika sing agi maca tulisan kiyé, Ndleming.com uga duwéké rika. Merga kiyé ruang utawa panggung bersamané inyong-rika pada.

Jenengé baé ruang bersama, mula ora nana sing paling pinter, paling bener tulisané. Kabéh mau ya pada-pada agi ngawali nggo sinau nduwéni lan tresnani basa biyung.

Ndleming.com degawé ora mung nggo sedina rong dina. Karepé bisa selawasé. Siki ndéan anané web Ndleming kayong hora penting pisan, ning mbesuk -mbuh basa penginyongan esih ana sing nganggo apa ora- halaman kiyé bisa dadi prasasti digital sing bisa decritakna maring anak putu.

Karo mandan gemagusan, rika bisa semaur, “Inyong biyén tau awéh kontribusi nggo nglestarikna Basa Penginyongan. Kaé neng Ndleming.com buktiné”.

Klilan…

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..