Aja pada gubes baé, balik maning maring blabag. Pancén ana perkara ya perkara sing babagané molaih semrawut. Nang kacamata pengiloné kula nika arep ngalami tarung keraéh merga klalén pada nduwéni wong tuwa

Mayuh pada diplécéih bareng-bareng. Kula diréwangi ya sedulur?

Kaya kiyé dadi kebablasan hora téyéng ngideg rém nahan lajuné. Alih-alih, contoné siki mung keblinger, dolanan hapé baé, klalén dolanan tradisional kurang deuri-uri, malah dimanfaatna nggo ngrumus nomer buntut, ngasi buntuté déwék hora tau dirumat.

Nék ana apa-apa golé sedurungé trukah mbangun ya derembug karo sesepuh, ningén sing bener- bener patrep, dadi nggawé sesuatu kuwé hora mung proyékan. Sing nggugu karo dawuéh wong tuwa

Lah sih sapa? Kula ya hora ngerti. Wong nék mangkat sekolah pas pelajaran kuwé kula turu, nék hora minggat..

Jan mbok dadi wong sing téyéng ngerténi. Hora dablongan. Belih micek, budeg maring awaké dhéwék. Kon sekolah malah turu apa minggat harepan dadi apa?

Kula mboten ngertos maring mergané kula mboten naté kenalan kalih, Wong semerepé teng gambar, wong jenengé gambar, nika nggih sanés wujud asli.

Gambar nika sejatiné namung kopian, imajinasi, citraan, image, cermin, pantulan, palsu. Gambar niku sanés wakil, sanés réprésentasi. Sing jenengé kenal nek miturut kula nika kedah kepanggih langsung, adep-adepan, mboten namun kepanggih gambaré mawon.

Dados nék kula mboten kenal kalih, nggih patut. Sejatiné nika kedah baur kalih masyarakaté. Mula nika, masyarakat kalih nika mboten énten béda, mboten énten liya. Nika teges kanca kenthel karo nduwéni.

Babagan kaya kiyé pancén ora nana sing salah, tapi ya ora nana sing
bener. Mula kabéh, bén olih faédah, mending pada ndonga baé, ndonga bén diparingi keslametan.

Mangga éling karo waspada, bareng-bareng pada nyuwun peparing maring Gusti akaryo jagad.

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..