Désa Sokawéra sing mlebu wilayah kecamatan Cilongok nduwéni tradisi seni tari sing dijenengi Tari Aksi Muda. Tari kiyé digawakna nang wong lanang sing cacahé 14 wong.

Unén-unén nggo ngiringi tari kiyé nganggo genjringan sing ditabuh nang wong nem ngasi sepuluhan wong. Ana siji wong sing kaya dalang mandu lakuné tari karo iringané. Dalang nangkéné nduwéni tugas awéh aba-aba nganggo sempritan, njuran nembangi awal karo syair sing ketulis nang Kitab Barzanji.

Senajan ana syair sekang kitab Barzanji, kabéh pemain ora nirokna tembangé dalang tapi duwé tembang dhéwék nganggo bahasa Indonésia. Sebeneré syair nganggo bahasa Indonésia kiyé anu dialih basakna sekang basa jawa bén sing ngrungokna lewih mahami.

Pituduhé pak Mulyadi, salah sijiné niaga utawa wong sing mélu nabuh genjringé, seni kiyé wis diwiwiti sekang taun 1981. Ningen sedawané mlaku prenah ngalami kembang kempis.

Ya wis dimaklumi nang para pemainé padha, angger nang kesenian kiyé urung bisa didadékna piandel nang kebutuhané urip. Kawit taun 1998-an kesenian kiyé sempet mandeg, njur kiyé taun 2020 kawit wulan oktoberan lagi dilabuhi maning.

Gerakané tari kiyé dijukut sekang olah geraké jurus-jurus nang pencak silat. Bedané, olah geraké pencak silat sing katon keras tur atos nang gerakan Tari Aksi Muda digawé lewih alus tur luwes.

Nggo nglanyahna para pemainé dianakna latian rutin saben malem Selasa karo malem setu nang pendopo Sokawéra Grumbul Glémpang. Ana sing unik maning nang tari aksi muda kiyé, yakuwé pemainé ngasi bisa wuru pas nang jurus-jurus tertentu.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..