Dina lairé Banyumas wis brobah kawit 2016. Sing mauné 6 April 1582, dadi 22 Fébruari 1571. Kuwé nyong ora janji cemplong, ana dasaré, dasaré yakuwé kajian sejarah neng njero Perda Nomor 10 Tahun 2015 tentang Hari Jadi Kabupatén Banyumas.

Dadi taun siki Banyumas umuré wis 450 tahun. Wis méh limang abad. Tapi senajan wis méh limang abad, dalan bodol ya tetep ésih ana baé.

Masrakaté ya tetep susah baé, jéré sih akéh batiré. Hmmm.

Babagan kepriwé dina lairé Banyumas bisané berobah kaya kuwé ya orausah tek jelasna, bén ko padha nggolét dhéwék.

Jarku males temen dadi wong, apa-apané kudu decolok-colokna. Nggolet dhéwék ya, aja apa-apa ramané, apa-apa ramané. Dablongan temen ujarkuné. Pfffttt

Neng kéné sing arep tek fokusna kuwé sapa si sebeneré biyungé Jaka Kaiman. Dhéwék sing seneng ngrungokna utawa seneng macani sejarah, khususé sejarah Banyumas mesti ngertilah sapa kuwé Jaka Kaiman.

Tapi dhéwék tau mikir ora, sapa si wong sing nglairna, ngebabaraken Jaka Kaiman, sang tokoh légendaris, sing duwé jejulukan Adipati Mrapat, sing mbagi Wirasaba dadi papat. Tokoh sejarah séntral sing ngadegna Banyumas.

Nyong cokan takon maring wong-wong sing mituruté nyong paham babagan sejarah Banyumas. Takoné ya kuwé mau, sapa si jeneng biyungé Jaka Kaiman? Ning jawabané kayong ora marem (nyong nganggo “kayong” dadi kémutan mantan 😀 ).

Biasané jawabané kaya kiyé: “Gemiyén karo siki béda, wong wadon gemiyén perané ora terlalu deanggep lan ora dewéi tempat”.

Ndéyan wektu jaman semana, sistemé ésih féodal si ya. Ning sengertiné nyong, wong Banyumas kuwé wongé égalitér, nduwé kebudayaan lan basané dhéwék, basa biyung, penginyongan. Wongé duwé jati diri Blakasuta, Cablaka, ya pokoké uniklah.

Lah terus ngapa wong Banyumas sing jéréné adoh ratu cedhek watu malah dadi kaya ngilang-ngilangna peranané wong wadon?

Neng kontéks kiyé nyong lagi kepéngin ngomong, peran lan jeneng biyungé Jaka Kaiman ora deumbulna, dejorklowor, kaya ora nana apa-apané. Masa ngasi jenengé biyungé Jaka Kaiman langka sing ngerti, kaya perané wong wadon deilangna, ora ketulis neng sejarah?

Padahal angger ora nana sing jenengé biyung, bakalé ora nana sing jenengé Jaka Kaiman. Angger laka Jaka Kaiman ndéyané ora bakal ana Banyumas. Kaya kuwé mbok?

Terus ana sing nyeletuk “Njur angger wis ngerti jenengé biyunge Jaka Kaiman trus ngapa? Terus ngaruh apa maring uripé nyong?” Kan deomongi malah ngegas.

Dadi kekiyé lub… kulub…

Angger dhéwék ngerti sapa biyungé Jaka Kaiman dhéwék dadi ngerti, seorané dadi duwé kesadaran, angger wong lanang kuwé ora mlethék sekang watu. Tapi lair, debabarna sekang biyung utawa ibu, sing kasihé jéré tak terhingga sepanjang masa.

Dadi wong wadon kuwé duwé peranan gedhé neng peradaban umat menungsa.

Ko olih baé duwé pangkat sing menthéréng, jabatan dhuwuré sundul langit, sugihé ora ketulungan kaya Qorun, sawahé amba, ternaké éwon, duwité ora entong-entong senajan decolong tuyul. Ning neng ngarepé biyung, ko kuwé tetep deanggep ésih bocah, sing angger ko nakal, biyung olih njéwér kupingé ko ngasi abang.  Paham?

Ya wis yuh delabuhi doané nggo Banyumas, doané sing maén-maén ya, nyong tek ngamini.

Juli Prasetya

Penulis enom sing esih anu enom. Siki manggon lan lagi proses neng Bengkel Idiotlogis.

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..