Blantik

Nagariku para blantik mulya
Blantik kasus dudu wadi
Api-api gubes neng ngarep rai
Neng mburi jebul mung dundum rejeki
Dol-tinuku juragan karo praja
Jabatan wani sepira
Kebijakan genah bagian
Regané langka ning wis genah jatah

Nagariku para blantik surak
Jaman Landa mélu mulya
Jaman Jepang mélu menang
Jaman merdhéka melu jaya
Jaman orba mélu rebah
Jaman réformasi mélu isi
Jaman édan sing paling kedunungan

Nagariku para blantik sengsaya ndadrah
Nora mlirik rahayaté susah
Nora weruh nagariné rusuh
Mung ngugemi dunya brana
Ora wadhas, ora wungkal
Kabéh diuntal

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..