Nék mangan sambel cangkemé kepedesen kawit nyong cilik mesti sambaté “HAM..HAM..”. Tapi mbuh alesané kenangapa.

Nyong njajal ngudarasa, ndéyan HAM sing dimaksud Hak Asasi Manusia, utawané Hak Asasi Menungsa. Nék bahasa Inggrisé, Human Rights.

Wong Banyumas sadar ora sadar wis biasa ngomong “HAM”, senajan ora paham banget artiné. Perkarané mung sekedar moni “HAM” nék kepedesen. Karep-karepé inyong ya mbok mandan dihubung-hubungna karo apa.

Mayuh dhéwék sing jéré menungsa kudu sadar perkara HAM. HAM kuwé wis némpél neng menungsa kawit menungsa ana neng ndunya.

Menungsa digawé Gusti Allah sisan disilihi “hak”. Hak dadi menungsa sing duwé nyawa, menungsa sing duwé martabat, menungsa sing kudu duwé pendidikan sing apik, bisa mangan, urip tentrem lan hak-hak liyané sing kudu dijaga.

Nék sekang peradaban menungsa, kawit jaman sing jéré primitif utawané jaman purba, menungsa padha patén-paténan rebutan kebutuhan urip. Menungsa padha nggegem hak é dhéwék-dhéwék utawané serakah. Sekang kono menungsa nduwéni kepénginan anané pihak sing bisa nglindungi, banjur menungsa gawé kerajaan.

Menungsa ngutus raja sing dianggepé utusané Gusti Allah kon ngelindungi hak menungsa. Raja sing “Hamengkubuwono” artiné nang njero atiné raja kudu sadar ngayomi menungsa, merga nék ora kaya kuwé Gusti Allah bakalan murka.

Ning sedawané peradaban menungsa jebul raja ora bener, khianat maring rakyat, banjur menungsa mbubarna kerajaan lan gawé sing jenengé negara.

Negara duwé pemeréntah sing kon ngurus rakyat, ngayomi rakyat. Pemeréntah kudu ngamanna hak-hak rakyat. Hak rakyat sing duwé nyawa, rakyat duwé martabat, rakyat duwé pendidikan sing apik, bisa mangan, urip tentrem, lan hak-hak liyané sing kudu dijaga.

Nék negara Indonesia kuwé mélu milih sistim démokrasi. Démokrasi kuwé panceré rakyat, kekuasaan nang tangané rakyat. Rakyat dadi majikan sing mbayar pemeréntah kon ngurus rakyat. Rakyat sing mbayar pemeréntah kon kerja bener lan pener.

Angger pemeréntah ora ngerampungna tugasé, rakyat uga duwé hak ngewéi ngerti utawané nuntut pemeréntah.

Hak nggo nyuara, éksprési, utawané nagih tanggungjawabé pemeréntah.

Rakyat ora olih wedi, sebab kuwé dudu ngganggu keutuhan negara. Justru rakyat ndandani negara, mbérési pemeréntah sing bisa milara rakyat.

Nék pemeréntah milara rakyat, kuwé pada baé pemeréntah ngrusak negara. Wis mesti pemerintah khianat maring Gusti Allah sing gawé menungsa, sing nyilihi hak nggo menungsa.

Apa maning jaman pagebluk sing jéréné korona kaya kiyé pemeréntah, kudu tanggungjawab nyéhatna rakyat, rakyat kudu tetep bisa nggolét mangan, kudu bisa tuku kuota nggo sekolah, kudu tanggungjawab bén rakyat tetep urip, nyejahterakna lan adil maring rakyat.

Pemeréntah ora olih khianat maring rakyat, nék khianat mengko Gusti Allah murka. Sebab pemeréntah ora ngamanna hak sing diwéi sekang Gusti Allah.

Rakyat Indonesia kudu wani mertahanna sing jenengé HAM. Ora olih pasrah utawané ora perduli hak-haké dhéwék.

Ndonga tok nék langka usahané pada baé lombo. Nék pasrah thok mengko diguyu Gusti Allah, wong menungsa wis diwéi utek lan ati kudu dienggo bén HAM tetep ana nang menungsa.

Kesadaran HAM kiyé kudu disebar lan dipraktékna, bén dhéwék menungsa tetep dadi menungsa. Ora mung dadi angka pas pemilu, dadi budak, malah ana sing mung dadi kaya kéwan.

Siki kudu sadar dadi menungsa sing menungsa. Menungsa sing menungsani menungsa liyané.

Andika Satria

Tukang nulis. Siki fokus nggolét bojo lan ngurusi gerakan sosial

Mayuh dikomentari luur..