Rika wis tau ketemu medi utawa diwedéni? Inyong tah urung. Kayané mediné malah gigu mbuh kamigilanen angger weruh Inyong.

Medi uga ngalami métamorfosa lan akulturasi budaya. Gyéh.. Angél mbok rembugané.

Jaman cilikanné Inyong ana medi Bujungan, Kasur Raga, Kunthi, Gendurwo, Wéwé Kalong, Kelong, Banaspati, Kemangmang, Ondar-Andir, Cumplung, lan liya-liyané. Kuwé jenis medi neng Ajibarang. Neng liya désa, biasané béda aran, senajan wujudé “ndéan” padha.

Medi dadi mitos, sing ngasi siki jané ya Inyong kepéngin weruh wujud nyatané. Aja mung adol jéré kulak ndéan.

Bujungan, utawa pocong, angger neng tivi mlakuné cunil-cunil. Kayané ya ora kaya kuwé. Gendurwo sing jéré gedhé dhuwur, lumuten, matané abang, ya ora unggal. Ndilalahé ana gendurwo sing ésih bayi, madan lucu, cemiwit.

Wéwé Kalong utawa Lampor, jéré wujudé ndhas karo ususé modhol-modhol. Ondar-Andir, utawa Lur-Kethaplek, jéré aja ngasi dilangkahi. Banaspati lan Kemangmang wujudé geni kaya obor mlaku. Neng liya désa ana sing ngarani Lampor. Medi sing madan kecing wujud medi Kasur Raga. Metuné rombongan. Angger medi kiyé liwat, aja diaruh-aruhi. Mbok degawa.

Sing madan lucu ndéan medi Cumplung utawa Glundhung-Pringis. Jéré wujudé ndhas thok, glandang-glindhing nyrimpedi sikil. Didhupak mringis, diuyuhi mringis. Dia bahagia dan selalu mringis. Kaya kunthi sing kecrita selalu tertawa.

Nyong ngandel-ora ngandel. Sebab akéh sing jéré wis weruh. Ning kuwé kayane bab éksisténsi sing wujud. Siki mediné dadi artis, artisé dadi medi.

Urusan lanang wadone ya ana sing genah ana sing ora. Angger kunthi, genah wadon. Jéré ana merga penderitaan. Wong wadon sing mati nglairna, korban tabrakan, utawa KDRT. Liyané ora genah. Thuyul, Gendurwo, Cumplung, ora teridentifikasi jenis kelaminé. Ndéan siki ana medi homo utawa medi lesbi. Jajal ngésuk angger Rika ketemu, kon nudhuhna KTH (Kartu Tanda Hantu). Supaya Rika ngerti alamat, agama, jenis kelamin, lan umuré.

Bab jéré ana wong sing indigo, ya nganah. Nyong tetep ora ngandel. Visualisasi hasil ilusi lan memori sing kesimpen neng utek kuwé sing metu lan kegambar.

Nyong ora prelu wedi, merga Inyong lewih medéni.

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..