Panganan legi sap-sap tipis
Sing digawé sekang glepung beras
Campur gula pasir utawané Gula Jawa
Enak rasané tur murah regané

Médhang téh sepet lawuh lapis pas udan grimis
Duh pancén nylekamin dadiné
Tapi angger dadi wong aja kaya lapis
Lambé tipis ngomongé mung lamis
Angger nglombo sepisan ditutupi nglombo maning
Nganti pirang sap baé

Bédané lapis karo wong nglombo
Angger lapis kuwé legi
Angger wong nglombo pancéné maregi.

28.06.16

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Mayuh dikomentari luur..