Mangsan rendheng wis teka, tandhuran sing mauné padha garing sekiyé wis katon ijo royo-royo, lemah sing pating plethak kaya dlamakan sikil sing kenang rombeyen sekiyé wis katon ireng.

Ningén pires Corona kayong durung kepéngin pamit bali maring asalé ésih ngglubed baé. Wis ora ina apa baé delakoni kon supayané prenyakit kuwé énggal-énggal mérad sekang bumi. Ora mung sekang negarané dhéwék thok.

Angger inyong ora salah pengrungon, para jamangah umroh sing gari gréng mangkaté éh ujug-ujug debatalna. Man Tarip sing wis bungah rétung merga dhéwéké karo anak mbarepé arep nglakokna ngibadah umroh maring tanah suci Mekkah, bareng krungu warta sing kaya kuwé mau, wong sing umuré arep ngancik sewidak banjur nglokro kayong lemes bules.

“Alang-alang, dénéng sih…” Man Tarip umad-umed karo jenthiké ngukuri sirahé sing rambuté wis warnané loro.

Yu Sariah krungu lakiné lagi muncu-muncu dhéwékan, njutan takon, “Ana apa sih, Pak? Tek rungok-rungokna sekang pedangan koh kayong ora bombong temen?”

Man Tarip ora agé-agé semaur pertakonané bojoné. Gegeré deséndéhna neng korsi males sing séndéhané bisa dejeblagna.

“Ujarku Dani miki nélpon, dénéng rika bareng nampa telpon malah dadi kaya kuwé, kepriwé kuwé, Pak? Dani ngomong apa miki?” Yu Sariah takon maning.

“Kiyé, Bu. Si Dani ngabari jéré umrohé detundha nganti tekan mbuh kapan. Merga neng pemeréntahan Saudi Arabia durung ngolihna wong sekang njaba padha mlebu maring negarané.” Swarané Man Tarip kayong pélo.

Kasunyatan sing agi derasakna ora dhéwék, ésih akéh mbangkan ana sing ngungkuli. Plekara anu detundha tah ora bakal ilang dhuwité, ningén sing padha kélangan sanak kadhang merga prenyakit Corona sedihé mbuh kaya ngapa.

Ora bisa debayangna nggrentesé ati, wong nglongok utawa mélu jujug maring pesaréan bae ora olih.

“Ya sing sabar baé, Pak. Éh mbok jéré sapa dina kiyé durung dadi rejekiné awaké dhéwék kon sowan maring tanah suci Mekkah.”

Yu Sariah ngomong karo nyambi nglempiti klambi sing nembé deentasi.

“Muga-muga awaké dhéwék padha ésih menangi rejané jaman. Corona wis mérad. Éh sukur-sukur inyong mélu mangkat sisan.”

Krungu omongané bojoné, Man Tarip njuran semaur, “Laah padune rika ora gelem detinggal neng inyong baé ndadak sara ngomongé ndaler-ndaler, wis rika ngaku baé lah.. Ora usah isin-isin kaya maring sapa..”

Yu Sariah nyiwit lengené Man Tarip, kaya bocah a bé gé baé sing agi pacaran.

“Rika tah cokan nyiwiti koh. Ora mari-mari kawit ganu mula.”

Senajan umuré wis akéh, ningén wong sekloron kayong katon harmonis baé ngungkuli kemesraané pengantén anyar.

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..