Guplo siki lagi kerja nang proyék bangunan. Mangkat ésuk bali soré. Merga péngin adoh seka warung proyéké dadi tukang sing kerja pada sangu panganan karo wedang dhéwék dhéwék.

Pas jam ngaso, nggo ngaso biasané tukang pada kumpul karo madang bareng.

Guplo ya mélu ngetokna buntelan sanguné karo dibukak…trus nggrenyem…”Huh…témpé sambel maning témpé sambel maning….”
Tapi ya tetep baé dipangan. Ngasi kanca batiré melas, dadi ana sing cok awéh sayur apa ndog pethilan maring Guplo.

Nah kedadén kaya kuwé anu saben dina. Saben jam madhang mesti Guplo sambat kaya kuwé nek pas mbukak sangu madangé. Akhire kancané ana sing penasaran jenengé Naryo dadi wani takon

Naryo = Na
Guplo = Gu

Na : Giéh um..ngapurané rep takon..
Gu : Takon apa kang?
Na : Rika mbendina nggresula maring sanguné apa ora ngomong karo bojomu si.. Kon mandan béda sanguné aja pada kabéh…
Gu : Aku rung duwé bojo, kang..
Na : Ya jajal ngomong biyungmu sing gawé sangu kuwé…
Gu : Aku wis ra duwé biyung, kang..
Na : Lha terus sing nyiapna sangu mangkat kerja sapa? Adimu wadon?
Gu : Aku ra duwé adi wadon, kang…
Na : Lha terus sing nyiapna sanguné sapa??
Gu : Ya nyong déwék, kang…
Na : Hoooo digilmu ruagh… Ya ngonoh kuwé diuntal déwék sanguné ra sah nggresula… 😀 😀

Teguh Prihantoro

Sekuteris sing seneng barang antik. Manggon neng Klampok Banjarnegara.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..