Ganu umah gedhong sepotong, potongan sédan kiyé ora tau sepi. Céah anak sing cacah pitu, ketambahan kanca batiré. Ngisor urung kramikan, mung mestér sing adhukané dicampur kapur supaya ngirit semén. Ndhuwur gendhéng plentong Pancasan, usuk lan réngé nganggo pring tali. Ngarep, jendhéla kaca cacah wolu. Neng pedangan ésih ana gledhég karo pawon.

Rama pegawai negeri sing tumrapé inyong keliwat jujur. Mula ngasi pénsiun ora kober dandan umah. Gaji golongan III-A nalika semana, mung cukup nggo mangan. Sing kuwé baé mangan seanané. Ora menggalih bab empat séhat lima sempurna. Gizi nomer pitu likur.

Siki umahé wis mantes. Ning gari rama-biyung kinasih sing neng kéné. Anak-anaké pating besasat golet urip dhéwék-dhéwék. Ngempani anak-bojo.

Paling kober kumpul setaun sepisan, kuwe baé ana sing ijin. Putuné kumpul kabéh, gemruyek, pating croét, pating tlanjik. Rama-biyung biasané mung nyawang. Katon marem nalika kabéh anaké wis nggawa grobagan siji éwang, ora kétang anu nyicil.

Wong semadya luar biasa. Numpak motor mabur nembé sepisan, nalika mangkat umroh. Kuwé baé wis dadi bebungah sing linuwih.

“Urip mung gentenan.. Ganu inyong lair dhéwékan, banjur ketemu biyungmu. Duwé anak sing siki wis padha duwé anak maning. Inyong detinggal wong loro. Mengko sawijining dina, ko ya bakal ngalami..”

Umah tantu siki sepi. Mung gari rama-biyung sing sengsaya tua. Tebluk nganah mesti ilang ruwet-rentengé urip. Adhem nyawang peraupané biyung. Kradhak-kradhak mbuka tudhung saji. Madhang lekoh lawuh sing kaya jaman cilik. Jangan lompong, mendhoan, sambel. Mung siki mesti ana amis-amisé. Merga anggarané wis ora cupet maning.

Madan nlangsa nalika wayahé kudu bali maring susuhé dhéwék. Wong tua loro kaé wis langka sing mbatiri, wis langka sing dioméhi. Ana tivi sing nggo onén-onén. Ramané seneng nonton berita, Biyung seneng nonton sinétron.

Urip mung genténan. Sawijining dina mengko inyong-rika bakal ngalami. Umah tantu gedhong gedhé, senthongé ana papat, ning gamblang-gomblong diisi mung wong loro.

Betahé inyong bali maring umah Tantu ora keduga. Umah jaman cilik sing nalika adoh gawé kangen. Sembah sungkem kagem kaum rama-biyung sing tunggu umah tantu suwung..

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..