Inyong tau maca paribasan kaya kiyé, “Angger ora téyéng ngguyu aja bukak warung” ningén kelalén neng buku apa lan mbuh sapa sing nulis.

Angger demat-matna pancén ana beneré. Wong sing arep bukak utawa duwé dalan pangan sing wujudé warung kudu semanak, aja njenggureng, njepathur. Enggané nglayani wong tuku koh rainé ora semedulur, ora suméh ya wong sing arep padha tuku malah lunga, merga wedi maring bakulé.

Dadiné inyong ngomong kaya kuwé, merga dina kiyé inyong arep crita olih-olih klinthung neng dina Senén tanggal 4 Januari taun 2021. Kebeneran kiyé dadi dina senén sing kétés-kétés neng taun anyar kiyé.

Mau inyong maring Ajibarang seprelu ngirimna pakét buku nggo wong Cileungsi karo wong Jingkang, bukuné biasa tek kirimna nganggo jasa pengiriman kantor pos Ajibarang. Bareng metu sekang kantor pos koh derasa-rasa weteng kayong mandan kemruyuk njaluk desénsus; lah iya deisén-isén usus, hé hé hé…

Inyong njuran numpak becaké Kang Wanto sing biasa ngetém neng prapatan wétan Dindik Korwilcam Ajibarang, dalan ngalor sing arep maring PDAM. Kang Wanto nggenjot becaké maring ngétan, nggolét nggon sénsus sing cocok karo seléra ilat.

Jan-jané sedawané dalan sekang kantor pos ngétan, kiwa tengen uga ana pirang-pirang warung sing dodol panganan utawa lawuhan. Ningén inyong kepéngin mburu maring warung sing prenah tek deleng fotoné uga iklané neng facebook.

Neng kono ana salah sijiné  kanca médsos sing ngunggah foto semangkok soto. Jan, nembé baé weruh fotoné koh guluné kelod-kelod. Dhasaré inyong maring sing arané soto utawa sroto kuwé banget doyané. Wis pokoké kiyé arané klinthung karo bernostalgia numpak bécak.

WARUNG SOTO IBU HJ. IM, tulisan gedhé banget neng grobogan karo neng lisplang wis katon sekang kadohan. Nah, kiyé warung sing prenah tek deleng neng facebook andingan wingi. Warungé sisih kiwa angger sekang arah kulon, ancer-anceré ngarepé toko pit, sekulone RSKB. Mitra Ariva Ajibarang.

Inyong njuran uluk salam, “Assalamungalaikum.”

“Wangalaikumsalam,” jawabé wong sing neng njero warung.

“Mangga pinarak, Mas,” ujaré sing duwé warung maning.

“Oh nggih, matur nuwun,” inyong oléhé semaur ngambi nggolét nggon njagong.

Neng njero warung ana mbah-mbah loro, kakung karo putri. Angger tek ira-ira kayané yuswané antara 60-70 an. Wongé grapak, suméh.

Inyong dadiné ngomong kaya kiyé mergané tau mlebu maring warung, jan oléhé nyobati wong tuku koh malah decanthang-canthéng, dupéh teka mung kathok sedengkul, srandal japit thok dejorna. Malah nglayani wong sing teka kéri, wongé nganggo sepatu meling, kathok dawa, hém é njlithit, dasian karo nggawa koper.

Sekiyé balik maning maring warung sotoné Ibu Hj. IM sing dina kiyé lagi tek ambah. Kayané nembé kiyé ana warung koh sing duwé warung mélu mbatiri dopokan dadi ora krasa lagi mangan neng warung, malah kaya lagi ngendong.

Inyong pesen rong mangkok soto daging sapi karo babat, siji nggo dhéwék sijiné nggo Kang Wanto. Melas keselen nggenjot bécak kurang lewih ana sekilo ndéan, sekang kantor pos maring warungé Ibu Hj. IM.

Neng kono ana mbah kakung, kayané dhéwéké kakungé Hj. IM, asmané Mbah Ahmad Kamali, nah Mbah Ahmad kiyé sing mbatiri dopokan dadi inyong kayong ndopok karo mbahé dhéwék, hé hé hé…

Warung soto Hj. IM pancén durung suwé oléhé bukak, kurang lewih nembé ana telung wulanan. Bukaké kawit jam 8 ésuk nganti tekan jam 9 an wengi.

“Nggih kadang angger saweg ramé ngantos ndalu, Mas,” ujaré Mbah Ahmad.

Rasa sotoné pancén tek akoni maknyusss… tur regané ya ora marakna dompété jebol.

Semangkok angger sing soto daging utawa babat regané mung Rp. 15.000, angger sing soto ayam regané Rp. 10.000.  Gwéh, banget murahé, mbok? Apamaning mau semangkok munjung jan pokoké basa gaulé, nendang banget di perut.

Kurang lewih ana setengah jam ndéan inyong nyoto karo dopokan. Tek lirik jam neng hp, éh wis mandan awan, inyong ngomong neng batin. Inyong pamit maring sing duwé warung.

“Matur nuwun nggih, Mas?” ujaré Mbah Hj. IM

“Enggih, sami-sami. Kapan-kapan kula mriki malih. Kepareng.”

Inyong numpak becaké Kang Wanto maning maring ngulon, bali.

Tumiyang-Pekuncén, 04012021

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..