Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo, matur déné ana patang kasus positif Covid sekang uji acak selawasé préian dawa. Sekang kono banjur pemréntah nggoléti kontak wisatawan sing positif mau.

Babagan kuwé diaturaken Ganjar seuwisé mimpin rapat évaluasi penanganan Covid-19 nang Gedung A lantai 2, Kompléks Pemprov Jateng, Senén (2/11).

“Hasil tés acak sing dianakna neng pirang-pirang nggon nalika 28 Oktober tekan 1 Novémber, nemoni ana patang kasus positif. Sing papat mau asalé sekang wisatawan Médan, Semarang, Tangerang lan Trenggalék.” Ujaré Ganjar.

Selawasé préian dawa wingi, pemprov nglakoni tés acak mawa cara Rapid Test maring wong cacah 2.645. Sekang cacah mau, sing 119 réaktif, sing bareng di SWAB PCR, jebul ana wong papat sing positif.

“Siki agi ditlesih nganggo tindakan liyané. Kelebu kordinasi karo daérah asal wisatawan,” maturé.

Kepala Dinas Keséhatan Provinsi Jateng, Yulianto Prabowo, miterang sedawané préian 28 Oktober ngasi 1 Novémber wingi, tes nganakna uji acak neng 11 lokasi.

“Seliané papan plesiran, uji acak uga dianakna neng gerbang tol Kalikangkung, neng rest area, Dermaga Karimunjawa, Jembatan Timbang Ajibarang, lan panggonan liyané. Sekang uji acak ketemu wong papat sing positif,” maturé.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..