Abot rasané, gawé status sing Banyumasan. Mikire suwé, kudu ngimpun lan ngepasna diksiné (Alah, apa maning kiyé).

Umah kayu sing suwé tau nggo pengimpén bareng. Dudu gedhong magrong-magrong, mawa saka guru gedhé neng ngarep kaya istana. Umah cékli tur asri, manéka kembang sekelilingé. Balé ngarep amba, ana risban lan méja kayu nangka gedhé, nggo pranti jagong loroan. Sewektu-wektu rubung karo anak, angger agi padha kober.

Umah prelambang awak. Ana pandasi sing dadi dhedhasaré urip. Sakané kudu kuwat kanggo nyangga butuh penguripan. Ana payon sing nggo ngayomi seisiné umah. Pager kanggo nutupi ala-beciké umah-umah. Ana jendhéla kanggo ndeleng kahanan neng njaba.

Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Langka wong sing kepéngin pugag-pegat bebojoan. Ning angger kue kudu dilakoni, menungsa mung titahé ikhtiar. Wis ngupa-daya, wis ndonga becik. Déné jodho, rejeki, pati kuwé hak prérogatifé Gusti Allah.

Umah kayu mawa payon séng, uga prelambang. Lemahé tetep neng ngisor. Pager lan pengadeg sekang kayu dudu témbok bata sing sekang lemah. Lemah, bumi tetep neng ngisor kejaba mengko wis neng kuburan. Kiwé, tengen, ngisor, lan ndhuwur kabéh lemah.

Akrami, jejodhoan, antarané menungsa karo menungsa, lan menungsa kelawan buminé. Kabéh kudu selaras, merga angger ora selaras bakal gonjang-ganjing. Geger-genjik selawasé urip.

Mula ana étung becik, sing jané dudu bab tahayul. Kaki-nini gemiyén tlésih angger kon ngetung dina becik. Kapan lahiré, sepité, nikahé, gawé umah, tuku samubarang, tetanduran, tor-toran, lan liya-liyané. Kabéh nganggo pranata mangsa. Merga ana mangsa sing selaras antara menungsa karo buminé.

Siki wis padha ora kanti. Asal bres kapan karepé. Mula angger ana sing ora pas hasilé, gari ditiliki étung dinané.

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..