Inyong ora téyéng ngétung maning tétés udan sing tiba neng tulakan sawah soré kiyé. Kaya James Symon karo Michael Ward, sekang Inggris, taun 1863, gawé alat nggo ngétung udan. Alaté sekang tembaga, corongé limang inci, pinggirané sekang kuningan, nangkring 30 sénti neng ndhuwur lemah, dadi alat sing nggo ngukur curah udan neng ngendi ora.

Sliramu ngerti, Brigitte, senajan Inyong ora duwé alat kuwé, Ning duwé pinisepuh, sing linuwih maca pretandhaning alam.

Sewulan kepengker piyambaké ngetung, udan taun kiyé teka neng tengahé Oktober. Wulan purnama surup sewulan kepengker, sing banjur ana lamuk ireng tekan ésuk. Angger ana angin wétan semrubud, bakal sewulan maning mangsan udané teka. Lewih cepet timbang taun wingi. Kabéh wong ngandel, kelebu Inyong. Njur pétungané bener, kedadén sore kiyé.

Srengéngé urung gelem surup. Jejeg neng ufuk ngenténi adzan. Ning lamuk banjur ngaling-alingi. Layung warna tembagané ilang. Nyusul tritis grimis nangis. Semilir angin teles, nggugah jati ranggas. Sengsaya kenang angin, sengsaya udané gemrejeg.

Kilat pecah pindho neng langit. Murub madhangi langit, kaya kembang api pésta akhir taun neng negeri asalmu, Inggris. Bola-bali motrét galengan, kaya super-blitz neng kawinané Pangéran Charles lan Lady Diana nang Katedral Santo Paulus, London, 39 taun kepengker. Inyong ngerti, sliramu neng kana mélu jogédan. Sing banjur nangis glenceng nalika Lady Di sekaratul maut neng trowongan Pont de l’Alma 16 taun seuwisé.

Ning, sedihmu ora sepira, Brigitte. Inyong karo kaum tani neng kéné wis ora téyéng nangis sepet Revolusi Hijau sing gagal, dékade 70. Lairé keluron. Tangisé ora téyéng diwakili udan deres sore kiyé. Bungahé teka mung semangsan.

Lemah sing pating plethak molahi teles. Banyu udan diuyup, merga ngelak. Nalika udané mandheg, lemahé langsung garing, kaya déné garingé irigasi sing wis rata karo lemah.

Inyong sekanca macul karo mrebes mili. Bungahé merga udan soré kiyé, ora babag karo subur-makmur sing wis puluhan taun ilang. Landhepé pacul, kalah karo lemah waka. Tepak bekas kedhukan sirtu taun 1985 ésih njlewag.

Neng kéné uga, méh setengah abad kepengker, PT. Sekayu sekang Semarang, lan PT. Sangyong sekang Korea Selatan, ngadhuk hotmix nggo ngalusi Jalan Daendels sedawané Semarang-Rembang. Kumplit gersangé lemah merga lewihan watu, semén, lan aspal.

Nang dhoran pacul, ugemané urip siji-sijiné. Unggal dina mung nggo ngedhuk pendheman kéré. Ning, Inyong sekanca ésih tandur, senajan mung nggo dipangan dhéwék secukupé. Supaya bocah ora nendhang pedaringan suwung, pranti ndelah beras sing ora sepiraha. Lawuh mewahé, amis-amis iwak lembut lewihan sing ésih ana neng Kaligelis. Uga ayam, langka ayam sayur merga anané mung ayam sing neng kandhang mburi. Sing lewih sering sayuran sekang kebon, cukup nganggo uyah, dadi énak merga langka pangan

Brigitte, kayané sliramu ngerti karo dongéngku sepet pindhah maring Addis Ababa rong taun kepengker. Inyong krungu ana lembaga nirlaba Israel gawé rusuh penggalihé pemimpin Ethiopia. Nyulap lemah gersang neng kana. Negeri nggonmu manggon siki dadi negeri berketahanan pangan nomer 12 sedunia. Persis neng ngisoré Amerika, miturut survey Food Sustainability Index. Mundhak neng watara 20 taun kiyé.

Inyong ngerti Ethiopia wis suwé gandhéngan Karo Israel. Ning Inyong urung kelalén crita sing nlangsani neng tivi 30 taun kepungkur. Nonton bocah cilik umbelé tekan lambé, kejet-kejet banjur mati. Perang saudara 1974-1991 wis ngrusak kemanungsan lan uba-rampé tetanen. Kabéh ésih kegambar cetha. Madan ora ngandel weruh kahanan kaum tani Ethiopia Dina kiyé.

Lemah Ethiopia dadi subur, Dudu merga bathang menungsa sing meh cacah 1,5 juta selawase perang. Ning merga “warka”, wit éndemik sing dhuwur sundhul langit. Sing téyéng nadhahi bun, banjur nétés maring bak sing digawé neng ngisoré.

Brigitte, Inyong seneng nyeluk aran ngarepmu, sliramu ngerti negriku ora kurang banyu kaya Ethiopia. Lemahé ora segersang lemah panggonanmu siki. Ning, mbuh kepriwé negeri kiyé kudu nanggung karma merga suburé. Bola-bali ganti présidén lan mentriné, ning ora ngowahi apa-apa. Produksi gabah sengsaya suda, regané uga nyungsruk.

Jéré kanca sing neng Vietnam, invéstor lan LSM sekang Israel, jané kepéngin ngréwangi kaum tani Indonesia. Maning-maning para pemimpin neng kéné, éksekutif lan legislatifé, lewih seneng éngkel-éngkelan sing banjur padu. Gubes dhéwék, ujare padu ora banjur dadi masalah neng tanén.

Para pemimpin lan pedagangé culas, rubes. Inyong maras kaum tani suwé-suwé moh nggarap sawahé. Lan investor bebeh teka. Apa maning sepet kelompok agama sing jane jumlahé sepethit, dibanding ormas gedhéné dhewek, nyinyir maring pemimpin negerine Inyong, uga Israel. Sliramu mesti kemutan. Mung Gus Dur sing wani nampa Israel. Mung sayange ora suwé.

Siki, neng mangsan pandemi sing kuduné embung banyu digawé, wangan diiléni, kali neng éréng gunung diresiki, alas gundhul ditanduri, malah kuduné wis kawit ganu. Aja mandheg mung dadi rétorika. Nggo kampanye neng podium politik lan neng bangku kuliah. Pojok lambé ngasi umpruken.

Liwat layang kiyé, Brigitte, angger tekan lan kober maca, sliramu cukup awéh semangat. Sliramu olih dolan ngénéh, ndeleng karo mripatmu sing biru segara. Sedurungé mangsan udan liwat, lan sedurungé sedulurku kabéh punggel pengarepan, pupus kekarepan, sing banjur ora gelem nandur maning. Inyong maras mbok anaké kaum tani nyimpen kesumat maring lemah, uga maring pemimpiné.

Jajal diwaca neng buku sejarah SD neng Ethiopia. Ganu kaum tani dirampas paculé nang Derg, rézim pemerintah negeri kuwé. Merga Derg wedi kaum tani mbéla pemberontak. Senajan ora kabéh kaum tani mbélani, merga ana sing anak wadoné digrudapeksa. Sing nglawan dipateni. Wong kencoten neng ngendi-endi. Banjur kaum tani nglawan, Derg rontok karo klan politiké.

Soré kiyé, bocahan anaké kaum tani metu sekang papan paguron. Bungah sekeliwat udan-udanan mbari ngenténi magrib. Inyong nglékor, nonton neng ngisor jendhéla. Tek jorna bocahan bombong dolanan neng ngisor gludhug lan kilat, kaya sliramu lan para pengagum Pangéran Buckingham-mu.

Inyong ngerti, cepet utawa suwé, kabéh bakal ngerti sejatiné urip lan perjuangan. Inyong mung kepéngin, kabéh adhem-ayem, mawa pemimpin anyar sing ngerti arti sedumuk lemah tanén, warisan sekang wong tua. Mbuh pirang pemilu maning. Ora prelu kaya Nabi Isa, sing bisa diarep-arep mudun maring bumi, kaya sing ditulis pendemo Omnibus Law pirang dina kepengker.

Rahayu kanggo sliramu, Brigitte..

Hasan Aoni

Cerpénis nasional, aseli sekang Kudus

Mayuh dikomentari luur..