Bakiak kemlonthang moni unggal ésuk. Suarané ngetut jam Junghans sing némpél témbok balé tengah. Suarané ngawang neng umah sing antara lemah karo trutugé dhuwur.

Neng ngarep mushala cilik suara bakiaké mandheg. Abah, sing ngagem bakiak, shalat tahajjud, sing bar kuwé genténan mlebu maring salah sijiné kamar ibu.

Gus Qirom nandhani suara kaé kaya déné alarm. Nalika bakiaké moni, dhéwéké tangi terus mburu. Mlayu nyékér kepéngin ngerti lan madan wedi. Abah banjur ngrangkul Gus Qirom. Bocah pitung taun kuwé digéndhong lan dijagongaken neng sisih sajadah. Nalika Abah mlebu senthong liya, bocah mau bali maring senthongé, ngusel neng kéléké ibu.

Ibu, garwa Abah paling tua. Bocah secilik kaé labuh ngerti wektu tiliké Abah maring kamar ibuné. Dhéwéké kon neng mushala maca Al-Qur’an. Esuk sedurungé subuh ibu kramas. Siklus Abah tilik lan rambut telesé ibu gawé ngerti babagan Abah lan bojo-bojoné.

Abah nguja mesen bakiak lan diagem nalika arep tahajjud. Nalika dianggo gipyak langkahé, kaya orkéstra kenthongan agi karnaval. Sing kuwé uga dadi sandi kanggo garwa-garwané Abah. Maring ngendi suara kemlonthang bakiaké Abah mérek, sing neng njero senthong wis paham gilirané. Sing neng senthong liyané uga ngerténi.

“Abah namung ngagem bakiak wanci énjing?” Gus Qirom takon. Abah mung semaur sekepénaké, “Supaya kowé tangi ésuk..”

Pitakonan mau dibaléni maning. Kaya pitakonan maring ibuné, “Umi, kenang apa, Inyong duwé ibu akéh?” Ibune mung mesem. “Mengko gedhé kowé bakal ngerti..”

Gus Qirom ora takon bab kuwé maning nalika wis baligh. Suara bakiaké Abah uga ora tau keprungu maning. Gus Qirom siki manggon neng gandhok, bareng guru madrasah sing bujangan, neng kiwé-tengené. Sepet kuwé, lewih sering krungu sandhal santri timbang bakiaké Abah.

Manggon neng lingkungan pesantrén puteri kaya déné pangéran pondhok. Keceluk “Gus”. Julukan kanggo anak lanang Kiyai tur pantes kanggo Gus Qirom sing bagus rupané. Dedeg-pengadegé dhuwur mémper Abah. Kumisé tremun-tremun thikil neng ndhuwur lambé. Lelanang sing sempurna.

Kembang-kembang portulaca grandiflora megar kenang srengéngé ésuk. Ana mawar lan mlati sing wangi, kaya Gus Qirom sing labuh seneng nganggo parfum. Langka sijia wong sing ngerti déné Guse agi nandang lara branta. Rasa kuwé mung ditulis neng buku diary. Nyatané akéh santriwati sing kesengsem. Ning mung siji sing istiméwa. Wilda.

Nyimpen katresnan neng senthong senajan akéh sedulur, tetep baé dadi nyusahi. Gusé ora bébas nulis neng diary senajan mung puisi. Mung sekalimat sing kewetu sekang atiné, “Love is like a cup of Coffee, which keeps me ready every night”. Neng ngisoré digambari kaligrafi basa Arab sing sinamar. “Wilda, anti qohwatu”, Wilda, sliramu kaféinku. Sepet kuwé Gusé dadi insomnia, obaté mung nulis neng diary.

Nalika sengsaya paham gunané bakiak, Gusé labuh nulis khusus neng diaryné, banjur dinéi judul “Misteri Bakiak”. Madan kewanén. Gusé nulis gemlethek atiné babagan poligami. Abah ora duwé wektu nggo nggatékna Gus Qirom lan adhi-adhiné. Telung keluarga dadi seumah, ambané kaya ngapaha krasa sumpeg. Jalaran kuwé Gusé ora setuju karo poligami. Gusé ngugemi prinsipé karo terus njajal: apa mengko sawijining dina, nalika dhéwéké dadi kiyai uga kaya Abah?

Wilda ngerti babagan wuyungé Gus Qirom sekang Siti, adhi wadoné Gusé. Meneng-meneng Siti cokan maca sing banjur mbocorna isi diary maring Wilda. Wilda seneng, ning uga wedi. Moh dimadu kaya garwa-garwané Abah.

Siti crita bab wediné Wilda. Gusé njlegedheg. Sekang ngendi Wilda ngerti krentegé? Tekan sawijining dina Siti ketanggor, mlayu karo latahan.

Unjal katresnan neng pesantrén dadi wadi, ning kuwé malah méh kebukak. Penggalihé Gusé sengsaya embuh. Maras mbok Abah ngerti bab katresnan maring santriné. Lewih-lewih maring tulisan misteri bakiak lan sikapé sing nolak poligami.

Ustadz Subur madan maras. Gus Qirom labuh wani ngetokna penggalihé. Neng forum kajian khusus, Gusé takon cetha wéla-wéla. Pitakonané kaya merang disiram bénsin. Kitab kuning sing madan lecek kaya keobar gemleger. Bab poligami ngentongna wektu. Guse ora cocog karo Abu Syuja, penganggit “Al-Ghayah wa At-Taqrib”, sing biasa dikaji santri pinilih. Kanggo santri progrésif kaya Gusé, Syuja moderat sekeliwat. Adil mbagi wektu lan piwulang lewih penting, timbang alasan kesunnahan liyané.

Kucelé kitab pindah maring sirahé ustadz. Perainé kenceng, kaku. Kringet adhem pating dléwér. Angin wis mandheg kenang témbok, ning adhemé ésih mbrobos.

“Nuwun séwu, Gus, saéné diskusi fiqh poligami mangké pun terasaken kalih kula kémawon,” ujaré ustadz kiyé. Madan ndrawasi mbok Abah ora duka. Alesan liyané, merga dhéwéké ya bojone loro. Debaté kaya Perang Tabuk, ustadz Subur dadi Héraklius sekang Romawi. Mlayu sekentrang-kentrang senajan wis nggawa atusan éwu tentara.

Siti apik atiné. Katresnané Gus Qirom lan Wilda ora dingerténi tumekané balég. Nalika Abah molahi laranen lan wis ora kongang, Gusé matur niat nglamar Wilda. Keloroné nikah ngepasi satus dina ninggalé Abah. Ana abid lan tadarus santri sing cacahé éwon.

Gus Qirom banjur mimpin pondok ngganténi Abah. Garwané Abah kabéh digawékna umah dhéwék neng lingkungan pondhok. Ibu ésih manggon neng umah pedhogol.

Sing ésih diterusna sekang Abah shalat tahajjud. Gusé dadi biasa nganggo bakiak lungsurané Abah. Madan kegedhéan, merga ukuran samparané Abah lewih gedhé. Karét capit sikilé krasa ombér. Kuwé sing marakna suarané si bakiak lewih rosa. Kélingan nalika jaman seneng. Ora kaya Abah, rampung tahajjud Gusé mung maring senthong siji. Senthongé Wilda, widadari sing siki dadi Bu Nyai.

Gusé nembé ngerti ruwet-renteng ngadhepi hukum poligami nalika ana wali santri randha ngadhep. Nembé ditinggal mati bojoné. Randha ayu, sholéh, tur ésih nom. Kémutan tur madan isin maring Abu Syuja lan Ustadz Subur. Penggalih anyar babagan poligami neng kitab “Taqrib” sing ditentang kawit ganu. Madan montokna. Maturé ibu ésih cetha neng kuping, “Mengko gedhé kowé toli ngerti”. Gusé ngerti. Tapi priwé carané mahamna ustadz-ustadz kaé, lewih-lewih Wilda angger Gusé sida nglamar randhane.

Sengsaya dadi masalah, nalika taun kaping lima, Wilda urung téyéng meteng. Wilda madan kendho. Dhéwéké rila Guse nglamar bojo keloro, randha utawa alumni santriné. Tetep kepéngin katon dadi wong wadon sing tabah. Senajan neng kamar nangis mingseg-mingseg. “Dhuh Gusti, paringana ati sing rila..”

Gus Qirom ésih teguh-kukuh cekelan waton. Dudu ora gelem. Ning ésih njagani atiné Wilda lan Ibu sing ditresnani.

Anak yatim loro sing siki manggon neng ngumah téyéng dadi tamba. Anak pupuhan keluarga kiyai nom. Krungu bakiak gemlothak, bocah mau tangi mérek.

Ibu mung nggatékna. Anak lanangé ésih Istiqomah ngetut kebiasaané Abah nganggo bakiak. Ning mung kanggo nandhani tahajjud. Dudu tandha giliran maring senthong-senthong sing béda. Merga langka bojo sing liya. Mbuh sawijining dina mengko. Nalika wis labuh ngalah utawa kalah.

Kudus, 17 Séptémber 2020

Hasan Aoni

Cerpénis nasional, aseli sekang Kudus

Mayuh dikomentari luur..