Gemiyén awaké dhéwék, wong wétan sing sering niru méh kabéh sing katoné lewih wah, lewih maju, lan maén sekang kulon: Amérika lan Éropa.

Kanggo babagan sing téyéng nambah kopama, jéré diarani wéstérnisasi. Banjur kabéh sing gandhéng-cenengé karo teknologi lan ilmu pengetahuan diarani modérnisasi. Uga kanggo aliran keyakinan anyar sing urung ana neng masyarakat, utawa sing wis ana ning dhéwék isin ngakoniné, isin nalika dhéwék ora ngimpor sekang kana. Utamané Amérika.

Kelebu démokrasi, sing siki ngrembaka, bareng grudha-peksa, nepsu dinasti, lan politik dhuit. Neng Kana uga ana komplotan adu umpruk omong, provokasi, lan anéka wujud anarki. Sing banjur mencala wujud dadi umbaran lan ndluya. Karo megat rai adhem sistem kuasa perwakilan.

Dina kiyé Amérika sing neng kulon, agi mbalik niru pilprés nggoné dhéwék sing gégér-moér. Akéh hoax lan fitnah. Bakar-bakaran sedurungé ngétung suara rampung.

Ndéan kae wong sing neng kulon, genténan ngaji maring awaké dhéwék. Wujud piwales becik, déné prakték politiké wis ngrembaka, ndhungkari sekabéhé sing wis temata neng kéné.

Pemanggih liyané, kaé wong agi padha kewalat, wis ngruag ngélmu adiluhungé leluhur Nusantara.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..