Ana tugu anyar neng Purwokerto. Tugu Gada Rujakpolo, sing kesangga kudhi cacah sanga. Kombinasi antarané agemané bendara lan kawulané. Gada agemane Werkudara lan kudhi gamané Punakawan. Sekubengané ana air mancur sing disinari lampu warna-warni. Angger wengi madan apik disawang.

Banyumas kawetar rasa seniné, senajan jéré adoh ratu cerek watu. Méh kabéh kesenian tradisional ana neng kéné, sing asli lan sing wis dikréasi. Kréatifitasé ora kalah karo daérah liyané.

Ning bab penghargaan kanggo kesenian ésih katon kurang, malah sengsaya suwé, kesenian tradisional sengsaya ilang. Akéh babagan sing marakna ilang. Salah sijiné yakuwé ilangé rasa. Rasa nduwéni lan sinau ngregani.

Tugu dudu mung prelambang. Dudu mung bunder, gilig, dawa, ngadeg. Ning tugu uga dadi ciri peradaban lan kejayaan neng sekukubané. Muga-muga ora mung mikir proyék kan bathiné, sing banjur milih perencana sing ora paham bab seni tradisi.

Banyumas wis akéh tuguné, Ning urung ana sing nudhugna kréatifitas seniné. Disain gambaré ésih tipikal. Urung wani gawé calung sepenabuhé nggo dipasang neng pinggir gili. Ora larang, ora kakéhan anggaran, cukup digawé nganggo watu utawa semén. Asal gawéné mawa mutu sing apik mesti bakal awét lan apik disawang.

Tugu pahlawan wis mlarah-mlarah, jajal gawé tugu sing nudhuhna kiyé Banyumasé Inyong-Rika kabéh.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Komentaré wong-wong

  1. Nyong setuju kueeh…. Ana patung calung, apa penari lengger, apa malah tugu mendoan, gethuk goreng sing pancen khas Banyumas…. Kayong maen lhooo

    Reply

Mayuh dikomentari luur..