Basa Pengiyongan, Wong Banyumas, karo téknologi Rice Cooker

Ngomongna babagan nasibé basa dhaérah anané kur prihatin lan prihatin. Miturut cathetané UNESCO ana 652 basa dhaérah neng Indonésia. Ning miturut cathetan mau basa dhaérah sing ana neng Indonesia, molahi ilang tut siji saben 15 dinané.

Tegesé, kabéh basa dhaérah neng dunya ana neng kahanan kritis. Sing nganggo basa dhaérah nggo srawung pedinan sengsaya semendhing. Sing nglestarikna ya ora akéh.

Basa Penginyongan sing penganggoné ana neng tlatah éks karésidénan Banyumas utamané neng wilayah Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, lan Kebumén, utawa sering kesebut tlatah Barlingmascakeb, kahanané ya kurang lewih pada.

Jéréné Budhayawan Banyumas, Kang Badhor alias Bambang Wadhoro, ana rong perkara sing marakna ilangé basa Pengiyongan. Nomer siji, manungsa penganggoné wis arang sing ngomong basa Pengiyongan.

Conto nyatané, siki kluarga-kluarga nom asli Banyumas wis molahi padha wegah nganggo basa penginyongan nggo komunikasi karo anak-anaké. Angger ngursusna bocah ya kursusé basa Inggris.

Ditambah maning bocah nom-noman jaman siki lewih seneng nganggo basa Indonésia nggo srawung karo kanca-batiré.

Seringé wong Banyumas angger metu sekang Banyumas gagiyan ngganti logaté karo logat daérah sing dienggoni. Jéré isin, cokan diguyu, karo mbok ilang ayuné.

Pancén wis ana kurikukulum sing isiné muatan lokal budhaya Banyumas, nanging kasilé urung krasa nggugah rasa percaya diriné wong Banyumas.

Nyatané, pisan kala metu dadi ciri wanci malah metuné sebutan basa Ngapak dudu basa Penginyongan utawa basa Banyumasan. Semboyané, “ora ngapak ora kepénak”.

Kemangka kuwé anu ngécé, ngapak kiyé sebutan sekang wong Mataraman. Sing jéré angger krungu wong Banyumas ngomong “ngapa” krunguné “ngapak”. Dadi angger depahami cara Penginyongan ya tegesé basa Ngapa.

Sengsaya ora genah mbok? Anéhé, akéh wong Banyumas dhéwék sing mongkog atiné karo sebutan kiyé.

Kuwé sekang sisih pandelengané wong jero wongé dhéwék, akéh wong tlatah Banyumas sing nganggep basa penginyongan kuwé basa sing ora apik, ora kerén, wagu tur marakna isin. Bisa dianggep sisih menungsané yakuwé wong Banyumasé dhéwék sing bisa dadi alangan lestariné basa Penginyongan.

Kemangka ana perkara liyané sing jané ora digatékna ning sejatiné bisa ngilangna basa penginyongan. Yakuwé majuné teknologi. Conto salah sijiné anané rice cooker. Ketoné anu sepélé ning akibaté jero banget.

Angger digatékna wong adang lan masak jaman siki akéh-akéhé ora nganggo pawon. Kabéh wis duwé kompor gas.

Khusus adang, nganggo rice cooker. Nganggo kompor utawa pawon suwé, ribet, tur angél. Nganggo rice cooker cukup nanjebna kabel maring stop kontak, jeklékna tombol cook, enténi 15 menit segané mateng. Huréé…sega mateng gari keprok. Cepet, praktis, ora bakal geseng!

Ora krasa nék jebulé anané rice cooker kuwé mau medhot urutané adang nganggo pawon. Sing wusané ora disengaja ngilangna pirang-pirang tembung basa Penginyongan. Cepet, singget tapi ya nyinggget pirang-pirang tembung.

Mayuh jajal dititéni. Sedurungé ana rice cooker wong tlatah Banyumas nék adang apa liwet nganggo pawon.

Adang utawa ngliwet kudu nyawisna pirang-pirang grabah. Kudu répék dhisit, nggolét suluh nggo nggawé geni. Tembé diwiwiti monggeni neng pawon sing anané neng pedangan.

Supaya geniné ajeg ya perlu ngesur suluh. Nék geniné keciliken segane balo, angger kegedhén segané geseng. Angger geniné sirep ya kudu didamu nganggo semprong pring.

Angger nganggo rice cooker ora perlu répék dhisit. Ora perlu suluh, pawon, ora kudu neng pedangan, ora perlu monggeni, ngesur geni apa ndamoni nék geniné sirep. Asal anal istrik ya ceb dadi. Stop kontak bisa neng pedangan, neng kamar, apa neng ruang tamu.

Kuwé mbok siki tembung répék, suluh, monggeni, ngesur geni, semprong wis arang banget dienggo. Kiyé nembé molahi arep adang! Wis ana limang tembung sing ilang.

Seliyané kuwé, gemiyén sedurungé adang apa liwet berasé kudu ditapéni karo diinter nganggo tampah. Banjur dipesusi nganti metu leriné. Bar dipesusi beras diunggahna kusan neng dhuwur kendil utawané dandang, ditutupi kekeb.

Setengah mateng dikaru dadi karon dewadhahi capon tembé diunggahna maning, didang nganti tanek nganggo kusan neng dandang.

Siki ora ana wong napéni, tampah, capon ya mbuh duwé mbuh ora dandang wis didol bakul barang antik. Kekeb ora kanggo, ora perlu ngaru. Cukup alat siji rice cooker! Ilang maning tembung napéni, nginter, mesusi, leri, tampah, cepon, kusan, kekeb, lan ngaru. Tambah sanga tembung sing ilang..

Seuwisé sega mateng banjur diengi. Segané dilér neng iyan, diwolak-walik nganggo cénthong kayu dikebuti nganggo ilir. Segané dadi buket bisa digawé penggel, dadi golong utawa giling. Sega sing diengi dadi buket ana sing némpél neng iyan jenengé intip. Rampung angi sega dewadhahi wakul detutupi kreneng.

Siki arang banget wong ngomong ngangi, iyan, ilir, penggel, wakul karo kreneng. Merga arang dienggo lan domongna. Siki akéh wong sing ora ngerti kreneng kuwé apa, iyan karo ilir kuwé kaya ngapa. Nem tembung ilang maning!

Neng rice cooker ana tombol warm sing otomatis njeklék angger segané wis tanek. Dadi sega taneké pas lan segané tetep bisa anget baé.

Sega neng wakul ora bisa anget baé suwé-suwé anyeb. Kasilé ana tembung sega wadhang, sega anyeb lewihan soré. Biasané ésuké didang maning, disab dadi sega saban. Angger ora entong maning tembé dippér, didadékna jrangking.

Ganu sega mateng diangi, siki wis ora perlu angki maning, ora perlu diwadhahi wakul ditutupi kreneng. Ora ana wong ngesab sega saban ya ora ana sega saban, jrangking uga ora ana. Tembung ngesab karo sega saban ya ilang. Rong tembung ilang.

Anané rice cooker medhot kabéh urutané wong adang. Sekang molahi ngurubna geni, adangé, nganti tekan olahan sewisé sega mateng ilang kabéh.

Merga urutané dipedhot banjur tembung-tembung sing ana neng urutané adang dadi arang dienggo. Ora tau diomongna banjur alon-alon wekasané ilang.

Wis genah ya, angger ora digatékna temenan, alon-alon basa pengiyongan suda tembungé merga alat siji sing jenengé rice cooker. Seora-orané kebuktén ana 23 tembung basa penginyongan sing ilang utawa ora dienggo maning.

Bali maring pituturé Kang Badhor, menawa perkara ilangé basa kuwé merga subyék penganggoné utawa menungsané lan anané kemajuan téknologi.

Angger Wong Banyumas dhéwék wegah nganggo basa penginyongan, piranti téknologi adangé nganggo rice cooker ilangé basa penginyongan ya bisa dadi kasunyatan, kur nunggu titi mangsané.

Dasirun

Lair neng Tinggarjaya. Pegaweane pemandu wisata gunung. Lulusan Akademi Bahasa Asing Yogyakarta lan Universitas Wijaya Kusuma.

Mayuh dikomentari luur..