Jarit kawung diwiru-wiru
Atiné bingung ora téyéng turu

Jarit kawung bakulé jamu
Atiné bingung péngin ketemu

Jarit kawung kecemplung banyu
Atiné bingung angger diwayu

Jarit kawung nyampir neng kayu
Atiné bingung pacaré mlayu

Jarit kawung degawa mlayu
Atiné bingung ora bisa ngguyu

Jarit kawung deselah nggudhang
Atiné bingung detagih utang

Jarit kawung debungkus koran
Atiné bingung akéh setoran

Jarit kawung lambang gula
Atiné bingung tanggal tuwa

Jarit kawung deselah senthong
Atiné bingung dhuwité entong

Jarit kawung agi delempit
Atiné bingung ora duwé dhuwit

Jarit kawung dejiret lawé
Atiné bingung nggoléti kowé

Jarit kawung degawé sarung
Atiné bingung ora wani nembung

Jarit kawung degawa neng kantor
Atiné bingung arep setor motor

Jarit kawung nggo mbuntel pakél
Atiné bingung bojoné jéngkél

Jarit kawung neng pasar wagé
Atiné bingung agi ora ngodhé

Jarit kawung neng ngisor cengkéh
Atiné bingung butuhé akéh

Jarit kawung bakulé srabi
Atiné bingung detinggal rabi

Jarit kawung wernané ireng
Atiné bingung pacaré meteng

Wernané ireng pinggiré bedhah
Pacaré meteng jaluk dinikah

Pinggiré bedhah debuang sawah
Jaluk dinikah ésih sekolah

Debuang sawah degrunut krangkrang
Esih sekolah umuré kurang

Degrumut krangkrang mrambat neng jurang
Umuré kurang wis nanggung wirang

Mrambat neng jurang ketiban cengkir
Nanggung wirang isin meng batir

Ketiban cengkir dewedhak jaé
Isin meng batir neng umah baé

Dewedhak jaé banjur dekomprés
Neng umah baé dadiné setrés

Banjur dekomprés karo banyu leri
Dadiné setrés arep bunuh diri

27102020

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Mayuh dikomentari luur..