Jerman siki mbukak program sekolah magang, yakuwé sekolah sinambi ngodé sing dijenengi Ausbildung. Program kiyé awéh pelajaran teori keilmuané 2.300 jam nang sekolah, njuran 2.500 jam nang perusahaan. Ausbildung sewajaré dilakoni ngasi rampung lulus butuh wektu telung taun.

Sapa baé olih mélu Ausbildung, termasuké dhéwék wong Indonesia. Sing penting wis lulus SMU/SMK/Sederajat karo duwé sértifikat Bahasa Jerman B2, kiyé kemampuan bahasa Jermané padha karo nggo nggolét gelar Master/S2 nang Jerman. Nggo sinau bahasa Jerman setara B2, nang Indonésia ya wis bisa. Nang kéné ya wis ana lembaga kursusé sekaligus bisa nganani sértifikat B2 sing diakui nang Jerman.

Program Ausbildung dianakna nang negara Jerman wis awit taun 2017-an. Tujuané nggo nyiptakna tenaga kerja profésional sekaligus memenuhi kebutuhané tenaga kerja sing dibutuhna nang negara kuwé. Gandeng jumlah penduduk nang Jerman wes ora nutup nggo njangkepi kebutuhan tenaga kerja, mangkané dibukak peluang nggo warga negara liya sing minat.

Evi, salah sijiné siswa kang Indonesia sing mangkat nang wulan séptémber wingi ngrasakna bungah seneng pisan barang wis tekan nganah. Dhéwéké bungah merga ora nyana desambut nang kanca batiré sing wong asli ngkana karo majikané sisan. Ora mung ngucapna slamet waras, tapi uga awéh coklat mbarang tanda katresnan budaya ngkana.

Michael Alvero sing mangkat disit sedurungé Evi, cah lanang sing asalé sekang Jakarta. Dhéwéké duwé crita dhéwék.

Awalé Michael kepénginé kuliah baé nang Jerman, tapi mbarang ngerti Jerman nduwéni program Ausbildung, dhéwéké njuran kepincut. Alesané Michael, merga nék mélu Ausbildung kuwé wés jelas sekolah bé degaji, lulusé genah nyandhang tenaga kerja profésional sing diakui ora mung nang Jerman, tapi ya negara Eropa liyané ngakoni.

Njur tujuan liyané dhéwéké, nék wes lulus dhéwéké bisa nglanjut kuliah nang Jerman njukut jurusan sing desenengi tur bisa mbiyayani dhéwék nggo sambung uripé. Lah wong kuliahé gratis. Lah sapa sing minat maning?

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..