Ana kronika sedawané nonton film 250 menit. Werna-werna lakon sing kudu dilakoni neng artisé. Gemantung maring skénario sing digawé neng penulis naskahé.

Gawé film sejudul, kudu disengkuyung karo wong atusan. Artisé, kaméramén, tukang lampu, tukang kabel, tukang rias, script writter, produser, lan liya-liyané. Kabéh nyambut gawé temenanan supaya filmé dadi apik.

Dhéwék gari nonton, neng bioskop, neng tivi, neng gadget. Njinggleng, mentheleng goli nonton, ngasi kegawa alur critané. Mélu kesuh angger adegané njéngkélaken. Mélu nangis angger critané bab susahé urip. Gregeten, maras, wedi, seneng, wadhéh, tresna, lan sapituruté.

Selawasé filmé diputer, langka artis sing ngomong, “Kaé sutradarané, aku mung dipréntah..” Senajan kabéh artis ngerti, sapa produseré, sapa sutradarané. Rong jam filmé rampung. Tangi. Metu maring dunia nyata. Artisé bali maring aran asliné.

Awaké dhéwék sadar, mung agi kon dadi artis. Ana sing dadi produser lan sutradara, sing dhéwék paham. Sawijining dina mengko, dhéwék bakal balik maring dunia nyata. Tugelan scene sing, kudu dilakoni seapik-apiké. Neng kono butuh rasa-rumangsa. Dadia artis sing manut karo skénarioné. Angger wis rampung tugasé, gagian éling.

Éling déné sawijining dina mengko dhéwék bakal ilang..

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..