Neng salah siji negeri sebelah ngulon tanah Jawa, ngadeg kerajaan sing gedé. Manggon neng tanah Sunda, kerajaané duwé jeneng Padjajaran.

Kerajaan Padjajaran depimpin neng raja sing arané Prabu Siliwangi. Kabéh rakyat urip bombong, adil, uga makmur neng kepemimpinané Prabu Siliwangi.

Negeri Padjajaran kuwé negeri sing makmur, aman, uga murah sandang pangané (gemah ripah loh jinawi). Apa baé sing ditandur mesti bakalé subur, mula ndadékna warga-wargané sejahtera uripé.

Negeri Padjajaran diajéni neng kerajaan sing ana neng Jawa, musuh-musuh uga wedi, kahanan mau ndadekna negeri Padjajaran aman tentrem.

Prabu Siliwangi nduwé anak papat, lanangé telu, wadon siji. Anak lanangé duwé aran Radén Banyak Catra, Radén Banyak Blabur, karo Radén Banyak Ngampar. Nék anak wadon arané Retna Pamekas.

Radén Banyak Catra dadi sulung sekang Prabu Siliwangi, uga dadi calon penerus Raja Siliwangi neng Padjajaran. Radén Banyak Catra duwé fisik sing gagah, kuat, perkasa, uga duwé kamulyan neng Padjajaran.

Ora mung fisiké apik, Radén Banyak Catra uga duwé budi pekerti utawa akhlak sing apik. Neng Prabu Siliwangi, Radén Banyak Catra dipenténg supaya bisa nerusna tahta kerajaan.

Banjur, Prabu Siliwangi nganakna sidang neng Balairung, kabéh pejabat istana kerajaan dikumpulna kabéh. Isi sidang yakuwé ngebabna kahanan Kerajaan Padjajaran.

Neng sidang uga mbahas penerus Prabu Siliwangi, mergané maju taun Prabu Siliwangi maju tuwa, pilaraén, dadi mbutuhna penerus.

Merga Radén Banyak Catra anak paling mbarep, dhéwéké ditunjuk neng Prabu Siliwangi. Nanging, Prabu Siliwangi kepéngin Raden Banyak Catra mbojo disit, merga Prabu Siliwangi péngin nggéndong putu.

Prabu Siliwangi nawakna maring Radén Banyak Catra wong wadon-wong wadon ayu, nanging ditolak kabéh. Merga tawarané di tolak, banjur Prabu Siliwangi takon maring Radén Banyak Catra.

“Banyak Catra anakku, kenangapa ko nolak kabéh wong wadon sing tek tawakna maring ko?” Takon Prabu Siliwangi.

“Inyong ora kepencut karo wong wadon sing ditawakna, ayahanda. Inyong péngin mbojo karo wong wadon, sing rupa karo sifat welas asihé kaya ibuné”. Jawab Radén Banyak Catra.

Krungu jawaban Banyak Catra, Prabu Siliwangi awéh ijin mén Banyak Catra golét wong wadon sing di idam-idamna. Sedurungé Banyak Catra metu sekang Kerajaan Padjajaran,  Prabu Siliwangi awéh bekal benda pusaka wujudé cis.

Radén Banyak Catra lunga adoh sekang Padjajaran, neng tengah ngelana, Banyak Catra  ngaso neng Désa Argatungkeban. Neng kana Radén Banyak Catra ketemu pendéta Mirangrong.

“Arep maring endi ko, cah bagus?” Pendéta Mirangrong takon.

 “Inyong arep ngumbara nggolét ilmu karo pengalaman”. Jawabé Radén Banyak Catra.

“Nék kuwé tujuanmu, cah bagus. Lunga maring wétan baé ya cah”. Ko bakal olih apa sing dadi tujuanmu neng arah wétan”. Dawuhé Pendeta Mirangrong.

“Iya mbah, inyong manut lunga maring ngétan”, jawab Radén Banyak Catra.

Banjur Radén Banyak Catra mlaku ngétan, mbéné lima langkah, Radén Banyak Catra kémutan arep takon aran pendetané. Mbarang nglinguk mburi, jebul pendetané wis ilang mbuh maring endi.

Kedadéyan kiyé ndadékna Radén Banyak Catra yakin, lamona pendéta mau sing ditemoni dudu wong sembarangan.

Sewisé mlaku adoh maring ngétan, Radén Banyak Catra butul neng Kadipatén Pasir Luhur. Neng kana Radén Banyak Catra ketemu karo patih Kadipatén Pasir Luhur sing arané Patih Reksanata (Priyadi. 1996).

Radén Banyak Catra njaluk dadi muridé Patih Reksanata, merga dhéwéké rumangsa téksih bodo, péngin sinau maring Patih Reksanata.

Neng Kadipatén Pasir Luhur, Radén Banyak Catra ngganti jeneng dadi Raden Kamandaka. Tujuan ganti jeneng, nggo ngilangna jejak identitas asliné.

Aran Kamandaka kuwé asale sekang tembung ngaman daka tegesé lunga adoh déwékan langka batiré.

Merga ngrasa melas maring Radén Kamandaka, dhéwéké diangkat dadi anak neng Patih Reksanata. Saben dina Kamandaka ngréwangi Patih Reksanata nyambut gawé neng Kadipatén Pasir Luhur.

Neng salah siji wektu, Adipati Pasir Luhur nduwéni kepénginan nganakna lomba ngemét iwak neng Kali Logawa. Pihak Kadipatén banjur ngumumna maring warga Pasir Luhur dekongkon pada mélu. Kali Logawa dibendung neng warga Pasir Luhur, mén iwaké ngumpul.

Neng acara lomba, Kamandaka ora kéri mélu. Anané Kamandaka gawé atiné Dewi Ciptarasa kesengsem. Merga Kamandaka pinter ndimek iwak karo olih paling akéh ndikep iwaké.

Langsung baé, Dewi Ciptarasa sing kesengsem ngongkon dayangé nggo nyelidiki sapa jané wong lanang  gagah sing olih iwak akéh.

“Punten, Mas? Nyong dayang Kadipatén Pasir Luhur. Arep takon arané sampéyan sapa mas? Takoné Dayang.

“Nyong Radén Kamandaka, anaké Patih Reksanata. Jawabé Radén Kamandaka.

Neng dina ngesuké, Déwi Ciptarasa ngongkon dayangé nggoléti Radén Kamandaka kon nemoni Déwi Ciptarasa neng Kaputrén. Radén Kamandaka seneng banget ora karu-karuan, atiné bungah kaya ketiban ndaru.

Pas waktu sendékala, Radén Kamandaka agé-agé karo kedimik-dimik mlebu istana ngasi nrobos maring Kaputrén. Neng kana Kamandaka ketemu Dewi Ciptarasa, banjur diajak medang karo mangan-mangan karo dhopok-dhopokan.

Lagi buket-buketé dhopokan, Kamandaka kewenangan neng prajurit Istana. Kamandaka langsung mlayu metu Kaputrén, tapi neng tengah dalan Kamandaka dekepung neng Prajurit Kadipatén Pasir Luhur.

Prajurit-prajurit nyerang Kamandaka, banjur kedadéyan tawuran.  Pancén ksatria angél di kalahna, Kamandaka menang lawan prajurit merga nganggo senjata cis.

Adipati Kanandaha kesuh banget, dhéwéké langsung préntah maring prajurit-prajurit kon ndikep Kamandaka. Adipati Kanandaha ngongkon Patih Reksanata nggo ndikep Kamandaka.

Karo abot ati, Patih Reksanata gelem nrima kongkonané Adipati Kanandaha. Mbarang wis degoléti neng pasukan Kadipatén Pasir Luhur, jebul Kamandaka lagi umpetan neng pinggir Kali Logawa

Ora let suwé, Kamandaka dikepung neng pasukan Kadipatén Pasir Luhur, kanggo nyelametna sekang serangan pasukan Kadipatén Pasir Luhur, Kamandaka nyebur Kali Logawa.

Bén cepet mati, Adipati Kanandhaha préntah maring prajurit kon mbajongi karo watu gedé maring Kali Logawa. Sewisé dibandemi, katon usus, getih mumbul neng Kali Logawa. Ndeleng kuwé Adipati Kanandhaha ngira Kamandaka bener-bener uwis mati.

Nanging menurut crita Babad Pasir sing ditulis neng J. Knebel, sejatiné wektu kuwé ana wong sing ngumbahi brangkas ayam neng duwur Kali Logawa (Knebel. 1900). Panggonan sing ganu tau kanggo nyebur Kamandaka neng Kali Logawa, siki diarani daérah Taman Sari.

Kabar matiné Kamandaka dadi bungah atiné Adipati Kandandaha, tapi ora neng Déwi Ciptarasa.

Déwi Ciptarasa nelangsa pisan, merga wong sing di senengi uwis mati. Saben dina Dewi Ciptarasa dadi sering nglogog, kélingan, lan mikirna Kamandaka.

Kahanan Kamandaka uga dikhawatirna neng Prabu Siliwangi, de kaya ngapa Kamandaka anaké dhéwéké sing wis lunga suwé pisan.

Merga saking khawatiré, Prabu Siliwangi banjur ngongkon anaké sing jenengé Radén Banyak Ngampar (adiné Kamandaka) nggoléti kakangé, bén bali maring Padjajaran.

Radén Banyak Ngampar lunga uga maring arah ngétan, ngasi dumadakang Kadipatén Pasir Luhur. Neng kana Radén Banyak Ngampar ketemu Patih Pasir Luhur, banjur diangkat dadi abdi neng kepatihan Pasir Luhur. Mbarang gutul Pasir Luhur, Radén Banyak Ngampar ganti jeneng dadi Radén Silihwarni.

Lanjutane klik kene…

Chubbi Syauqi

Mahasiswa Jurusan Tarbiyah UIN Saifuddin Zuhri Purwokerto. Aktif neng HMI lan Sekolah Kepenulisan Sastra Peradaban (SKSP) Purwokerto.

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

  1. mantep pisan…
    penasaran,aku ganu di ceritani neng wong sepuh ora tau mudeng,mbarang maca neng kene tembe “Dong uteke” :v .
    ditunggu lanjutane

    Reply

Mayuh dikomentari luur..