Lamon inyong rika lungan
Ndandheng neng paran liya
Ganua aja ngasi lali
Maring tlatah sangkan paraning dhiri

Merga akéh dalan pating gelalur
Trabas-trobos sing marakna gutul lewih cepet
Ningén bisa uga malah dadi kesasar
Mblangsak tumiba maring alas sing adoh melah meluh

Mula delengen kaé srengéngé
Sing ngawé-awé saben dina
Awéh pepadhang maring sapa baé
Neng ndi papan lan paran

Banjur aja ngasi ucul sekang ugeré panjer
Kekeh cekelan waton jimat kalimasada
Aja kendhat sambat gusti lan dedonga
Mungguh lelungan ora kélangan panah

14082020

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Mayuh dikomentari luur..