Rika angger liwat brug Kali Serayu cokan weruh kembar mayang seméndhéh neng leneng brug? Anu nggo ngapa ilokén?

Si anu wong lor Kali Serayu lan si anu sing wong kidul kali. Padha senengan, banjur sarujuk umah-umah. Nikahan. Ning ana tembung “suker” sing asalé sukerta. Sing maknané kurang lewih énérgi negatif. Uga ana sing ngarani sengkala, sangkakala, nggege mangsa.

Kali Srayu wujud kali lanang sing ngliwati patang kabupatén. Kawit Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, lan Cilacap. Ipat-ipaté wong tua gemiyén, sapa sira sing jejodhoan sabrang-sinabrangan kali kiyé, delahen kembar mayangé neng sabrangan, powotan, utawa brug sing deliwati. Supayané kaki pengantén karo nini pengantén kalis sekang sambékala, rubida, utawa bebendu.

Mula arepa deanggep bidngah, tahyul utawa musrik ya ora papa. Wong anu ndhérék piwulange kaki-nini. Piwulang becik wujud ngormati alam. Bumi sing ginelar uga kudu deregani. Ora mung nggo tlanjikan utawa grijagan sekarepé dhéwék.

Local wisdom utawa kearifan lokal kaya kiyé ora kemudu-kudu decap négatif. Kembar mayangé seméndhéh supaya jejodhowan sabrang-sinabrang tetep langgeng. Slamet rahayu.

Rahayu sagung dumadi..

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..