Nelangsa atiku
Nelangsa temen uripku
Lunga adoh-adoh
Ninggalna kampung
Golét panguripan
Kanggo bojo lan anak
Bén uripe kecukupan
Dina riyaya sing dienténi
Aku bisa mudik
Gawa oléh-oléh
Jebulé malah
Ora bisa bali
Nang kutha kelunta-lunta
Kerja diPHK
Ora duwé dhuwit
Mangan kekurangan
Sambat karo sapa
Niat balik gawa urip
Nang ndalan dicegah
Kon balik
Bingung atiku ora karuan
Balik maring endi maning
Wis langka panggonan
Wis ora duwé gawéyan
Apa kon dadi gelandangan
Nangis atiku
Ngémutna uripku
Anak bojo ngenténi
Ora ana sing bisa dienténi
Kejabané kabar
Tésih urip utawa mati
Duh Gusti Pengéran
Namung dumateng panjenengan
Kawula nyuwun paringi dalan
Kroya, 5 Méi 2020