Dina Minggu awan, Kiman dolan maring umahé pacaré sing nembé kenal, lewih kurang ana seminggu pas dhéwéké agi maring panté Teluk Penyu.

Ujaré wong arep nemoni pujaan hati, bocah nom sing agi umur-umuran pubertas dandané mlithit, oléhé nganggo pomit akéh rétung, klimis. Ndéan angger ana laler menclok bisa keplarak, tiba njagong mbok gajed.

Ora mung cukup nganggo pomit thok, lenga wanginé ya wara-wiri srat-srot akéh banget desemprotna maring kéléké sing mambuné kaya kum-kuman kayu.

Motoré destarter, cengéng ngéééng breeem breeemm…

“Oh, My darling. I’m coming,” Kiman ngomongé keminggris.

Motor warna abang, gleser-gleser glindhingané muter alonan, merga umahé Kiman mlebu gang cilik dadi kudu alonan dipit mbok nganti nyrudug bocah utawa wong sing agi mlaku.

Wis ora sranta, bareng jepot sekang gang motoré degas kenceng banget nganti knalpoté baé kukusé ngebul banget. Méh baé dhéwéké arep nabrak kucing sing ujug-ujug nyrunthul sekang mburi grobogan mie ayamé Pak Turséno.

“Oh.. bocah semblothongan sih ya. Nggawa motor koh kaya belis,” Yu Karsiwen sing agi mlaku bali sekang warungé Bi Sirin kalas njimprak kagét, tangan tengené nggegem dedamon njuran detémpélna neng kupingé kiwa tengen.

Pancén jaman sekiyé, mangsan bocah-bocah nom padha nganggoni knalpot bobokan utawa basa menterenge knalpot rising. Ujar-ujaré kon katon gagah, kerén, kekinian ningén ora mikiri. Ora bisa nyurasa kepriwé tanggepan lingkungané, tanggepan wong-wong sing krungu swara mbrebet gawé kuping pengeng.

Utamané angger pas agi dopokan utawa agi nonton tivi jan pokoké ngganggu banget.

Ora nana sejam, Kiman wis gutul maring umahe pacaré. Neng latar ana wong lanang tuwa sing agi ngethoki téh-téhan.

Seuwisé motoré destandar, bolak-balik Kiman ngaca neng spion mbok menawa ana dandanané sing kurang pas, mbok ngisin-ngisini arep kencan masa rainé katon ora gagah.

“Assalamungalaikum…” Kiman uluk salam ningén ora gagian dejawab.

“Assalamungalaikum, Pak. Punten Ratna neng umah apa ora ya?” bocah lanan sing umuran 18 taun takon maring bapak-bapak sing agi resék tanduran ningén ora basa acan.

Bapak-bapak sing kaosan warna biru njutan menyat, ngglétakna gunting neng ndhuwur suketan.

“Eh, wonten tamu. Madosi sinten nggih, Mas?” Ora denyana bapak-bapak kuwé malah oléhé mangsuli kosok baléné Kiman.

Tangané Kiman mbukak gréndél lawang wesi sing mbatesi pekarangan umahé Ratna karo gili gedhé.

“Anu, miki kan inyong wis takon. Majikanmu, Mbak Ratna. Neng umah apa ora?”

Pancén anu bocah mbentongor, wis debasani baé éh ésih ajeg ngomongé ngoko. Mbangkan sing dejék ngomong umuré lewih tuwa sekang dhéwéké.

“Oh, Mbak Ratna. Lah nuwun sewu, njenengan niku sinten nggih?” bapak-bapak kuwé tetep baé oléhé mangsuli nganggo basa karma inggil.

Ujaré kon bocah lanang sing agi ngadeg neng ngarepé madan éwuh pekéwuh, isin. Eh mbok jéré sapa bisa dadi mélu nganggo basa krama, ya paling ora krama alus.

“Rika ora usah kakéan pertakonan, Pak. Wis gagian celukna majikanmu kon metu ngénéh. Kiyé aku Mas Kiman, pacaré.” Swarané Kiman aos nganti otot-otot sing neng gulu pating mrengkeneng.

“Oh, njenengan dados pacaré Mbak Ratna, nggih? Dénéng Mbak Ratna mboten naté crita menawi sampun kagungan sisihan, nggih?”

Krungu bapak-bapak sing neng ngarepé ngomong kaya kuwé Kiman banjur ngguyu ngakak, “Ha ha ha… Ki, Ki… Rika maning dadi wong anéh ya? Wong rika kuwé mung dadi tukang kebuné lah nggo ngapa Ratna ndadak sara crita maring rika angger wis duwé pacar.”

Dhasar bocah gedhé karbitan, wis decekoki karo budhaya sing ora pas karo budhaya ketimuran.

Anggepané angger wis téyéng nggawa motor apik, dandanané gaul wis pokoké katon kerén.

Apamaning angger ngomong decampuri nganggo basa Inggris, ujar-ujaré katon intelék, padahal anu téyéng mung-mungan kuwé baé cokan kesliru.

“Wah, Mas. Mbak Ratnané saweg tindak. Wau nembé mawon medal. Pas Masé mriki, antawis gangsal menitan kadosé.” 

Bapak sing nganggo kaos biru kuwé nglomboni Kiman, wong sing degoleti jan-jané ora lunga maring endi-endi.

Bocah wadon sing aran Ratna ngimpleng sekang mburi korden kamare. Dheweke ngati-ati kon aja nganti keweruhan neng Kiman.

“Sembarangan ngaku-ngaku pacar. Bebeh temen kon duwé pacar bocah kaya kuwé,” Ratna grenengan dhéwék.

Huh… dadi bocah lanang koh baperan temen. Inyong rumangsa ngiya ni baé ora koh. Ratna mbatin ngambi turu mlumah, tangané uthak-uthik hape né, nulis status neng fésbuk.

Atiné Kiman kayong mededheg merga dina Minggu sing wis depéng-péng sekang umah arep ketemu yayangé jebulé ora olih kasil, malah sing nemoni tukang keboné. Dandan mlithité ora kanggo nggawé, sing arep depaméri ora nana.

“Mbok badé nitip pesen napa, Mas? Mangké kula aturaken kaliyan Mbak Ratna menawi sampun kondur mangké.” Senajan oléhé semaur ora nganggo krama alus acan, bapak sing umuré antarané ana éketan taun tetep baé mbasani Kiman.

Wis gutul maring lawang gerbang, Kiman njuran mbalik maning nemoni tukang kebon sing ésih agi resék taman ngarep umah. Batiné ngangken ngguyu, api-api ora ngreti nék Kiman agi nggoléti kunci motoré.

“Madosi niki napa, Mas?”

Kayadéné manuk cucuk urang nyamber iwak, tangané Kiman nyebrot kunci neng tangané tukang kebon né Ratna.

                                                            ***

Wenginé Kiman nilpun maring Ratna, “Beb, tadi aku ke rumah kamu. Tapi kata tukang kebun, kamu lagi pergi?” swarané degawé sealus lan romantis kon atiné Ratna tambah kepencut. Ningén Ratna wis ngreti sapa sebeneré Kiman.

“Oiya bener, aku tadi lagi ke luar sebentar. Kenapa kamu nggak bilang dulu kalau mau datang?” semaure Ratna uga degawe alus kon aja nganti Kiman curiga.

“Oh ya udah deh, ngga papa. Niatnya aku mau bikin kejutan. Eeh nggak tahunya malah ketemu tukang kebun sialan itu.”

“Tukang kebun? Aku nggak punya tukang kebun?”

“Lalu siapa bapak-bapak tua yang lagi motongin rumput itu. Dia bilang kamu lagi pergi.”

“Oalah… Mas, Mas. Kaé kuwé bapaké inyong.”

Bareng krungu Ratna ngomong kaya kuwé, Kiman njuran ndeglag semaput. Jebulé wong sing ndarani tukang kebon kuwé bapaké bocah wadon sing deaku-aku dadi pacaré.

Tumiyang, Pekuncén, 08112020

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..