Maring stasiun tuku karcis
Dandan klimis mbok ketemu gadis
Gadis manis untuné gupis
Angger ngguyu katon nyempil lombok cengis

Stasiun Purwokerto makin éksotis
ngkana-ngkanané kaya neng Paris
weruh gadis mirip artis
rambut pirang kaya wong Inggris

tek jék kenalan disambut manis
basane sopan sangat humoris
ora nyana ora nggliga
ujarku turis jebulé gadis Kalimanggis.

29.06.16

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Mayuh dikomentari luur..