Apes kanggo Ndara Bilung. Ingatasé nggo turu wengi baé kudu nginum obat nyenyak telu, ketambahan kapsul anti kolesterol, gula darah, karo pénétralisasi éksim gatel.

Jenggelek tangi turu semana uga. Kudu nguntal pil-pil mau, dikurangi obat tiduré. Bar kuwé nembé wani udud nglepus karo ngopi pait. Kuwé angger agi kahanan biasa. Angger agi ora kepénak lan akéh pikiran, dhéwéké njaluk dokter pribadiné kon mbius. Merga kuwé sing téyéng nglalékna rasa kepéngin mati utawa maténi wong..

***

Neng ndhasé, sing buthak gundhul-plonthos, nganggep sing ngerti kabéh perkara lan larané mung dokter. Merga wis bola-bali takon solusi liyané supaya téyéng urip lan awét nom, ora nguntali obat.

“Gusti Allah tansah leres,” dokteré semaur mblenger.
“Tapi Gusti Allah gawé wedi..” Wong lanang tua mau mbantah. Rainé jumawa ning drajaté lewih endhép timbang belis-dhidhis.

Dokter ayu sing perainé alus kuwé mésem. Alesan sing ora tau keprungu sekang pasién gemblungé siji kiyé. Banjur dhéwéké ndeleng, kaya ndeleng bayi. Ning banjur marakna wong lanang tua kaya kiyé, kepéngin gagiyan mati lan lair maning dadi bujang supaya bisa unjal katresnan.

Wong lanang tua mau merem nalika dokteré ngemék bathuké, ngrasakna panas awaké si pasién kemplu. Ngrasakna ambekané dokter sing wanginé kaya kembang mlati. Pérek pisan, ngasi kewetu kepéngin ngambung. Sengsaya ndadrah nalika dokteré ngemék dhadha mriksa jantungé ésih obah. Ngewangwung ora genah merga alus tangané si dokter. Kepéngin ngeloni.

Ning kuwé mau mung sewetara wektu. Kabéh rampung kaya ora tau kedadén, kejaba mung gandhéngé dokter lan pasién gemblung.
“Tekanan darahé mandan kedhuwuren, Pak,” dokteré matur karo mésem.

Wong lanang kuwé ndleming, jané madan kepéngin nekek guluné dhéwék.

***

Kanggo Ndara Bilung, ora nana wong liya sing ngandel déné dhéwéké lara. Apa maning siki agi udreg karo wong sing kepéngin maténi gurita bisnisé. Ora bakal rila sapa baé ngguyu-ngécé.

Wis dadi ugeman, urip kuwé watek sarwa kéwan. Mbuh kuwé politik, bisnis, émansipasi, pemberdayaan, toléransi, kesetaraan, kelebu bab nyembah gustiné.

Kabéh gegayuhané urip sing dirembug mawa seneng utawa wadhéh, tetep baé pungkasané mung kekuasaan lan dunya brana.

Wong nggawé kebecikan mung kepéngin suwerga? Lan suwerga kuwé ana nalika dunya-branané cukup? Ndara Bilung ngécé penghotbah kitab suci.

Merga ugeman kuwé, Ndara Bilung ora ngandel apa baé, kejaba dhuwit. Dhéwéké biasa janji kanggo diblénjani. Lan mblénjani kuwé mung ngarah menangé dhéwék. Langka wong gelem bangkrut nggo wong liya. Kelebu kanggo awaké dhéwék. Mung clurut mambu sing gentayangan neng pacéran.

Siki, dhéwéké bundhet ruwet-renteng. Pirang-pirang penyelidikan sing karep nuduh lan nyéréd dhéwéké dadi maling puluhan proyék pemerintah sing ngilang kaya dhemit.

LSM, pegiat anti korupsi, kelebu pengangguran sing krasa dirugikna merga ulahé, kabéh ngerti, mbuh sekang ngendi goli ngintip.

Ning dhéwéké tetep tenang, merga terus ngindha tumekané pati, senajan puluhan wong kepercayaané wis ngandhang, didadékna thuyul-thuyul cilik. Senajan nyiksa lan gawé jirih ngasi kamigilanen kegawa ngimpi, dhéwéké ora nggagas.

Impéné wis ala pisan. Merga ngimpiné sering ngrasa pungkasané urip sing ruwet, neng tua sing wis pérek patiné. Bilung sengsaya ndluya, saking aboté ngasi kelayu wujud panasé neraka.

Neng impén, Bilung mbelék wetengé, ngasi usus lan jeroan liyané mlunthah. Kelaranen ning kaya kepéngin maning. Sengsaya lara, sengsaya kepéngin ngiris awaké.

Neng liya wektu Bilung ngimpi nguntal wesi panas-mrengangah. Matané lumér, guluné mlepuh, panasé nekek gulu. Sengsaya ketekek, sengsaya seneng maring bamba wesi mau kaya déné mangan roti. Tur ésih akéh impén ala liyané sing wis kelalen, ning ésih gawé wedi.

Kuwé urung bab bojo nomé sing nganggep kaki-kaki éman. Bojo nom mau olih mawa nyidhem rasa bojo tua lan ngurak anak-anaké. Ning jebul siki ngringkus atiné neng pilihan sing pait-leder. Ora kongang kaya déné wong lanang umuran séket, dhéwéké kudu awéh dhuwit nggo bécér lan mbayar lanangan.

Ora mung pisan-pindho, Bilung weruh bojoné sléntha karo lanangan liya mbari nganggoni topeng kulit sing peraupané mémper Ndara Bilung.

Sengsaya gawé kesuh murkané. Ning kanggo mbuang pengécé mau, dhéwéké mung ngenténi wektu sing pas. Merga kahanané siki ésih kepépéd, tur jiwané butuh harmonis senajan mung lamis.

Bilung butuh bébas sekang tuntutan sing kudu njlomprongna wong liya, sing bisa dadi, kuwé bojo nomé sawijining dina mengko. Bilung sadar déné kuwé mbang cindhé mbang ciladan, dora sembada, sing diwadhéhi kabéh wong. Ning ora digagas. Dunya kiyé mung susuhé kéwan.

***

Sewulan kelakon sirahé Ndara Bilung tambah buthek menggalih awaké sing saya repeh. Seliyané pil, kapsul, lan sirup resép sekang dokter, dhéwéké uga mélu kontes ngguyu neng klinik kebahagiaan.

Esuk, seuwisé nginum kopi pait, banjur kudu sinau mringis kaya kethék ditulup 15 menit. Jéré psikolog, kuwé terapi muwun karo nggo nyetabilna jantungé. Awalé mandheg-mayong merga Bilung kudu “ngédan”. Ning nalika psikologé miterang déné kuwé dudu édan, merga ngguyu kuwé sing bakal nylametaken uripé, banjur dilakoni.

“Kiye ngguyu sehat, dudu asal ngguyu, tuan,” psikologe njelasna.

Togog manut. Merga mung kuwé sing téyéng ndadékna uripé apik. Togog banjur ngilangna amarah mawa ndableg. Senajan diarani kéwan, merga mung kéwan sing ora téyéng ngguyu.

Pungkasané kepeksa kudu sinau ngguyu nggo awaké dhéwék. Angél sekeliwat merga langka bab sing téyéng dadi guyon.

Sewektu-wektu Bilung ngguyu wéruh kembang mawar sing kemplu. Neng wektu liyané meksa ngguyu nalika maca cerkak neng média sing jané crita sedih. Lan kepingkel-pingkel nalika weruh bal dolanané anaké kempés, nggléthak neng ngisor rak buku.

Seuwisé ngguyu, banjur mikir, apa uwis ngguyu sing bener? Apa uripé sekempyang kiyé dénéng ngguyu baé dadi alat kebugaran? Githoké mrinding nalika mbayangaken, sawijining dina mengko, ora nemu maning alesan kenang apa kudu ngguyu.

***

Désémber, akuntan kepercayaané teka nggawa setumpuk masalah perusahaan. Rékomendasiné kaya serdadu baris tur meksa kudu manut utawa mati neng korsi.

Prentahé kudu mangkas blanja penguripan. Neraca pendapatan perusahaané minus merga pasaré sepi. Mula banjur kudu ngrayu bank kanggo mbérési keuangan.

“Kudu ana kebijakan sedurungé kabéh dhungkar..” akuntané ngomong kaya dhukun.

Togog setuju. Labuh ana éfisiénsi sing nekek. Madhang sedina ping telu lawuh témpé-tahu. PHK, ngurangi réwang neng ngumah, tangi gasik maring kantor, nembung krédit maring bank, tur motong blanja bojoné.

Ning bojoné kagét, ngasi owah kaya ketémpélan belis. Kesuh, ngromyang neng lingsir wengi, ngoméhi kabéh seisi umah. Ora ngasi sewulan, wong wadon kaé wis ora tahan. Banjur ngomong jéré wis ora cocog karo julukané sing bojo juragan.

“Pokoké dhéwék pegatan,” ora nangis ning madan meksa.

“Ya wis nganah lunga angger sliramu wis ora tresna,” Bilung semaur alon. Bojoné wis kaya golék, wis suwe dadi bebungah sing ora nyéhatna awak. Pas karo pengarepé, bojoné lunga sekang uripé.

“Ko ngerti bojoku arep lunga ngendi?” Ndara Bilung takon maring supiré.
“Maring lanang liyané, tuan.” Supiré semaur karo madan ndhengkul.
“Ko ngerti lanangané sapa?”
“Inyong..”

Togog njlegédhég, supiré ndeleng Togog karo mésem. Lan uga merga alesan keséhatan, Bilung mélu mésem. Banjur unjal slamet maring supiré karo mikir, kepriwé kacungé mati merga bekas nyonyahé sing lewih seneng blanja timbang awaké dhéwék.

“Ko kepéngin ngomong apa sedurungé tek urak?”

Supiré gédhég-sirah banjur nglius ora rumangsa wis culika. Dunya kéwan, asu-buntung, Bilung mung nggrundhel. Banjur telpon dokter pribadiné. “Inyong butuh kanca ngguyu, dok..”

Dokter sing ditelpon ngguyu komersil. “Okéy, sedhéla maning, tuan..”

Bilung nutup telpon banjur maring pedangan gawé kopi, pegawéan sing ora tau dilakoni selawasé 36 taun. Ngeneng, ngening sedhéla lan rumasa krasa sepi. Siki neng gedhong magrong-magrong mung ana dhéwéké karo kucing sing wis kalah karo tikus.

Bilung kémutan bojo sing dhisit. Anak-anaké ndéan wis padha awéh putu. Ana luh tumetes sing ora dikarepna. Kéwan tua apa awaké dhéwék? Kayané bakal lewih apik angger takon maring dokter. Banjur Bilung ngguyu latahan dhéwék..

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..