“Kulanuwun…”

“Mangga sinten njih?”

“Kula niki, badhé sowan teng Mbah Cewirun. Wonten mboten nggih?”

“Ngapurané mbahé saweg teng sabin. Sekedap kula tek marani mrika nggih. Mangga njenengan sedaya pinarak rumiyin”

Mbah Cewirun nang sawah agi gawé dalan banyu sinambi ngecébrés karo kinjeng.

“Njeng, kinjeng rika pada olih pangan mbok nang kéné?” Kinjeng é mung manthuk-manthuk thok.

“Ya sukur, njeng, Muga ko padha seneng senajan ora kaya mbiyén kahanané. Sing padha séhat ya, njeng. Kayongé ana arep dayoh teka apa ya jam ayawéné ana jago kluruk.”

Kinjengé manthuk-manthuk terus mabur pindah nggon merga ana kinjeng cilik sing ménclok. Ora let suwé ana swara sekang galengan, putuné ngundangi…

“Mbah… Mbah… Mbah…Kaé ana dayoh teka nggoléti njenengan!”

“Oh ya putuku, kon ngenténi sedéla. Mbah lagi tanggung kiyé déla maning rampung. Kiyé tulung cincingna cérét karo paculé. Nganah disitan baé sisan gawékna wédhang nggo dayohé mbah ya tu, putu…”

Putuné gutul pedangan ngesog cérét karo paculé, terus gawé wédhang. Mbah Cewirun rampungan karo mlaku balik gubugé, nang galengan sawah weruh kinjeng mau.

“Njeng mbah tek balik disit ya merga ana dayoh, ngésuk maning ketemu terus kandahan. Séhat ya njeng.. Sing akur karo kinjeng liyané.”

Sedurung tekan umah Mbah Cewirun wisuh neng padasan karo raup, terus nemoni dayohé sing wis ngenténi.

“Kulanuwun..”

“Mangga mbah..” (semaur dayohé terus salim).

Putuné teka nggawa wédhang disogna méja ngarep dayohé.

“Mangga nika deunjug..”

Hora ketinggalan mbahé ya mélu nyruput wis degawékna nang putuné…

“Kepriwé kabaré két wingi deenténi, kayong amleng baé. Agi sibuk apa?”

“Sepurané mbah kula madan ora pénak awak dadi nggih ngaso nang umah baé. Kiyé mbé mari merga sing dong nang kali wingi kaé, hehehe…”

“Hahaha kaya ora biyasané jebul teyeng mriyang njah? Owalah…”

“Nggih mbah kademen kesuwén kungkumé hahaha. Sakdéréngé punten mbah bilih nganggu wektuné niki golé merdayoh.”

“Mulané angger kungkum nganggo rasa, deuripna kabéh babagan hawa sangané.”

“Lah ko kaya karo sapa inyong wis aso ikih. Hora papa malah mbah seneng dadi akéh berkahé tolih ngumpul juguran bareng kaya kiyé. Jané ya mau pas nang sawah nyong wis krasa tur rasan karo kinjeng. Kayong arep ana dayoh teka maring gubug, ndilalah baé rika-rika sing teka mbok anu pas banget.”

“Héhéhé nggih mbahé tah cokan kaya kuwé niku mbah, wingi ndalu kula niku…”

(Depenggak nang mbah cewirun)
Alahhh wis ora usah basa karo inyong kiyé. Hahaha mblegedreg , wis biasaan baé. Sering ngénéh ikih, ora papa…”

“Nggih mbah. Dadi kula arepan takon sing mbah ngongkon kula sewengian neng kali kungkum niku loh, pas wulané bunder nderrr. Kula niku pas kungkum diubengi wujudé kaya watu werna biru, muteri awaké kula. Niku napa nggih mbah?”

“Dejikot ora? Terusan menangi banyu sing meneng apa ora? Pas kedadéyan kuwé?”

“Nék menangi banyu meneng kuwé ora mbah, wujud murub kuwé mboten dijikot. Neng mbathin kula mung sambat muga kula téyéng awéh mangfaat nggo wong akéh. Kula nggih weruh watu dadi emas ningén nang sebrang kali, wujudé kaya patung. Bar niku kula mentas sekang kali.”

“Oh dadi kaya kuwé. Angger ko takon maknané apa, ya kuwé bukti ana sing ora keton nang kali. Tur aja crita neng sapa-sapa, wis ngerti ya wis. Mbok dejiot wong lan dienggo sing ora bener.”

“Dadi aja mélik nek weruh wujud kaya kuwé. Aja dijiot merga nggo keseimbangan alam nang kono.”

“Ora gampang angger pingin menangi banyu sing meneng ora obah, mula kuwé kudu lewih ginau maning babagan laku. Mbuh kuwé laku ngempani raga ya ngempani sukma.”

“Nggih mbah…”

“Wulan ngésuk neng malem anggara kasih ko ngénéh maning ya. Mengko mélu karo putune mbah, ben ko alon-alon ngerti ginau laku urip.”

“Nggih mbah maturnuwun pituduhé. Kula tek pamit rumiyin”

“Mengko disit deentongna sit kuwé wedangé..”

“Nggih mbah”

Klilan,
Rahayu

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..